From Wikipedia, the free encyclopedia
Uyup-uyup utawa Gepyokan iku salah sawijiné ombèn-ombèn obat herbal kang digawé saka tuwuhan empon-empon, jamu kang kagunané kanggo ngundhakaké prodhuksi ASI (Air Susu Ibu) iki, uga bisa kanggo ngilangké ambu awak kang kurang sedhep, lan 'ngadhemaké' weteng (nambani weteng mules). Ana ing masarakat, uyup-uyupan utawa gepyokan iku kalebu jamu géndhong, saliyané uyup-uyupan macemé jamu géndhong ana jamu kunir asem, jamu sinom, jamu cabe puyang, jamu paitan, jamu kunci suruh, jamu kudu laos lan jamu beras kencur.[1] Jamu uyup-uyup iku kalebu ombèn-ombèn obat tradhisional Jawa kang wis ana kawit jaman biyèn, racikané diturun-temurunaké saka jaman Majapahit lan nganti saiki isih diuri-uri, nuli dilestarikaké dadi salah sijining kasil saka kabudayan Jawa [2].
Bahan-bahan kang utama saka jamu iki yaiku empon-empon (macem-macemé bumbu masak),kaya ta [3]:
Jamu uyup-uyup iki duwé kasiyat kang apik marang awak, kaya ta:
No. | Kasiat | Bahané |
---|---|---|
01. | Nglancaraké ASI | bluntas, asem, temulawak, godhong katu, gula |
02. | Nglancaraké ASI | empon-empon komplit (kencur, jaé, bangle, temugiring, kunir, temulawak),bluntas, temulawak, suruh, godhong katu, gula, asem, jeruk nipis |
03. | Nglancaraké ASI | bluntas, asem, jeruk nipis, krokot, lampes, temulawak, puyang, gula |
04. | Nglancaraké ASI | empon-empon komplit (kencur, jaé, bangle, temugiring, kunir, temulawak), bluntas, sembukan, jambu |
05. | Nglancaraké ASI | kunir, bluntas, asem, jeruk nipis, beras, gula abang (gula aren) |
06. | Nglancaraké ASI | kunir, puyang, godhong kates, temu ireng, sembukan. jambu, jarak |
07. | Nglancaraké ASI | empon-empon komplit (kencur, jaé, bangle, temugiring, kunir, temulawak), godhong katu, landhep, asem, lampes, gula |
08. | Nglancaraké ASI | kunir, asem kawak, gula abang (gula aren), beluntas, simbukan, kedawung |
09. | Nglancarké ASI, ngadhemaké awak | godhong asem, jeruk nipis, gula abang (gula aren) utawa putih, kunir, asem |
10. | Nglancaraké ASI, ngilangaké ambu awak | kunir, bluntas, beras, gula abang (gula arèn), asem |
Carané gawé jamu uyup-uyup utawa gepyokan yaiku [4]:
Cithakan:Bumbon crakèn
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.