From Wikipedia, the free encyclopedia
Beras Kencur iku salah sawijiné jamu kang kondhang ning masarakat Jawa digawé saka bahan herbal lan alami,jamu iki kalebu jamu kang duwé khasiat ngilangaké rasa pegel-pegel ning awak.[1] Padatan kang apik lan asring dibiasakaké para penikmat jamu iki bisa ngrasakaké penaké, awak ora kerasa pegel-pegel manawa nyambut gawé kang rada abot lan nggawé awak kerasa luwih seger.[2] Ana ning masarakat Jawa, beras kencur kalebu jamu gèndhong.[2] Saliyané beras kencur ana jamu kunir asem, jamu sinom, jamu cabe puyang, jamu pahitan, jamu kunci suruh, jamu kudu laos lan jamu uyup-uyup atawa gepyokan.[2] Jamu beras kencur iku kalebu ombèn-ombèn obat tradhisional Jawa kang wis ana awit jaman biyèn, racikané diturun-temurunké saka jaman Majapahit lan nganti saiki isih diuri-uri, nuli dilestarikaké.[3] Jamu iki dadi salah sawijiné kasil kabudayan Jawa[4]
Jamu beras kencur kang warnané soklat enom iku rasané ora kaya-kaya jamu liyané kang kondhang karo rasa pait lan ora enaké, rasané jamu iki seger tinuli ora pait[3] Rasan segeré tambah mantep manawa racikané ditambahi karo gula jawa utawa gula aren.[3] Bahan-bahan kanggo nggawé jamu iki ya iku beras lan kencur, bahan loro iku kang dadi utama. Nanging, para pedagang jamu saiki akèh kang nambahi bahan liyan kaya ta jaé, asem, kapulaga, jeruk nipis, pala, wiji kedawung, kunci, keningar, kunir[3].
Jamu iki kondhang ora mung amarga rasané kang seger atawa bisa ngurangi lan ngilangaké rasa pegel-pegel ning awak, Jamu beras kencur iki kondhang uga amarga duwé piguna liyané kaya ta [5]:
No. | Kasiat | Bahané |
---|---|---|
01. | Pegel atawa kekeselen amarga kerja kang abot | cabe, kencur, kunci, asem, kedhawung, jaé, kapulaga, gula |
02. | Payah atawa pegel-pegel ning awak | beras, kencur, kedhawung, jaé, asem kawak, gula |
03. | Pegel, nambah napsu mangan | beras, kencur, gula, asem kawak |
04. | Nambah napsu mangan | beras, jaé, asem, gula abang/gula putih,kedhawung, kencur |
05. | Pegel, ngurangi lan ngilangaké rasa linu-linu ning awak | kencur, asem, kedhawung, gula, jeruk nipis |
06. | Rasa pegel-pegel sarta linu | beras, kencur, kunci, kedawung, gula, asem |
07. | Nambah nafsu mangan | beras, kencur, jaé, gula, kunir, keningar, asem, kedhawung, pandhan, sereh, godhong jeruk purut |
08. | Nambah napsu mangan, ngilangaké rasa pegel-pegel ning awak | kencur, jaé, asem, gula abang, jeruk nipis, kedhawung, keningar |
09. | Awak pegel-pegel, nambah napsu mangan | beras, jaé, kencur, kapulaga, cengkèh, pala |
10. | Pegel-pegel ning awak | kencur, kedhawung, gula abang, asem, jeruk nipis, uyah, jaé, beras |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.