From Wikipedia, the free encyclopedia
Jamu cabé lempuyang utawa Cabé puyang iku salah sawijining jamu kang kondhang ing masayarakat Jawa, jamu iki bisa kanggo tamba pegel linu uga bisa ngilangaké cikalen, pegel lan linu-linu ing awak, kalebu rasa pegel ing boyok. Jamu iki kalebu jamu gèndhong. saliyané cabé puyang macemé jamu gèndhong liyané ana jamu kunir asem, jamu sinom, jamu beras kencur, jamu paitan, jamu kunci suruh, jamu kudu laos lan jamu uyup-uyup utawa gepyokan.[1]. Cabé puyang iku kalebu ombèn-ombèn obat tradhisional Jawa kang wis ana kawit jaman biyèn, racikané diturun-temurunaké saka jaman Majapait lan nganti saiki isih diuri-uri, nuli dilestarikaké lan dadi salah sijining kasil saka kabudayan Jawa[2].
Jamu cabé puyang iki duwé kasiat kang apik kanggo awak antarané kaya ta:
No. | Kasiyat | Bahané |
---|---|---|
01. | pegel | cabé, puyang, asem kawak, kudu, adas, gula |
02. | sikil kesel | cikalen, cabé, puyang, asem, gula |
03. | pegel, linu | cabé, asem, puyang, gula |
04. | cikalen | cabé, puyang, jaé, mrica, kunci |
05. | pegel, linu | cabé, puyang, kedawung, gula, asem kawak |
06. | gringgingen | cabé, asem, puyang, gula |
07. | pegel, adhem panas | cabé, puyang, kunir, temu ireng, temulawak |
08. | pegel-pegel, (ampasé jamu iki bisa didadèkaké ‘bobok’) | cabé, puyang, Jaé, kunir, adas pulosari |
09. | pegel-pegel | cabé, puyang, merica, gula abang utawa gula putih, empon-empon |
10. | pegel-pegel | kedawung, keningar, cabé, kunir, Jaé |
11. | pegel-pegel, nyèhataké awak | cabé, kedawung, puyang, gula abang, uyah |
12. | mriyang | cabé, puyang, kunir, asem, Jaé |
13. | mbobot (meteng tuwa) lan ngilangaké rasa pegel-pegel ing awak | cabé, puyang, beras, kunir, gula abang |
Bahan utama saka jamu cabé puyang yaiku[4] . Cabé jamu lan puyang. ditambah karo bahan liyan, kaya ta temu ireng, temulawak, jaé, kudu, adas pulosari, kunir, mrica, kedhawung, keningar, asem, lan kunci. Bèn supaya legi, bisa ditambahaké karo gula abang utawa gula putih. Bahan jejangkepan liyan, bisa ditambahaké uyah.
Carané nggawé jamu cabé puyang [5]
Cithakan:Bumbon crakèn
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.