From Wikipedia, the free encyclopedia
Majapait iku sawijining praja kang tau ana ing Tanah Jawa. Praja iki wiwit dibangun taun 1293 Masèhi ing Jawa Wétan. Karajan iki nguasani mèh kabèh Pulo Jawa, Madura, Bali, lan laladan liyané ing Nusantara. Majapait iki karajan gedhé pungkasan kang nganut agama Hindhu-Buda ing Nusantara. Pusat karajan iki ana ing laladan kang saiki kalebu Kacamatan Trowulan, Majakerta.
Karajan Majapait | ||||||||||||||
𑼮𑼶𑼭𑽂𑼮𑼡𑼶𑼒𑽂𑼡(Kawi) ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀ (Jawa) 满者伯夷 (Mandarin) विल्व तिक्त (Sangsekerta) मजापहित साम्राज्य (Hindi) | ||||||||||||||
Karajan | ||||||||||||||
| ||||||||||||||
Sesanti Mitreka Satata | ||||||||||||||
Peta Majapahit piturut Kakawin Nagarakretagama[1] | ||||||||||||||
Kutha krajan | Majakerta (jaman Raden Wijaya), Trowulan (jaman Jayanegara), Kediri (jaman Girindrawardhana) | |||||||||||||
Basa | Jawa Kuna (utama), Kawi (alternatif), Sangsekerta | |||||||||||||
Agama | Hindu, Buddha, Kejawen, Animisme | |||||||||||||
Pamaréntahan | Monarki | |||||||||||||
Maharaja | ||||||||||||||
• | 1293-1309 | Kertarajasa Jayawardhana | ||||||||||||
• | 1309-1328 | Jayanagara | ||||||||||||
• | 1328-1350 | Tribhuwana Wijayatunggadewi | ||||||||||||
• | 1351-1389 | Rajasanagara | ||||||||||||
• | 1389-1429 | Wikramawardhana | ||||||||||||
• | 1429-1447 | Dyah Ayu Kencana Wungu | ||||||||||||
Mahapatih | ||||||||||||||
• | 1336–1364 | Gajah Mada | ||||||||||||
Sajarah | ||||||||||||||
• | Established | 10 November 1293 1293 | ||||||||||||
• | Invasi Demak | 1527 | ||||||||||||
Valutah | Koin emas lan perak, kepeng (koin perunggu kang diimpor seka Tiongkok) | |||||||||||||
| ||||||||||||||
Taun 1292 Singasari dikuwasani keturunan kraton Kediri yaiku Jayakatwang. Salah sawijining keturunan Singasari, Raden Wijaya, sumingkir menyang Pulo Madura. Ing pulo iku, Wijaya olèh pramayoga déning kang baureksa Madura, yaiku Aria Wiraraja, supaya éthok-éthok ngabdi karo Jayakatwang.
Jayakatwang nampa Wijaya lan kanugrahan lemah ing tlatah Tarik kang isih awujud alas. Tarik iki dadi cikal bakal kraton Majapait. Ing pungkasan taun 1293, Wijaya migunakaké prajurit Kubilai Khan kang arep nyerang Singasari (Kertanagara), gabungané prajurit Cina karo Wijaya iki bisa ngalahaké Jayakatwang kang déning prajurit Cina dikira Kertanagara. Raden Wijaya uga ngalahaké prajurit Kubilai Khan wektu acara pista kamenangan musuh Jayakatwang.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.