From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Déwa Dewi Yunani
12 Déwa Olimpus ugi kawéntar kanthi sebatan Dodekatheon (Greek: δωδεκα /dodeka = 12, θεον /theon = déwa) wonten ing mitologi Yunani inggih punika déwa-dèwi utami Yunani ingkang mapan wonten ing pucuking redi Olimpus [1]. Kirang langkung wonten 17 déwa-dèwi ingkang dipunwastani 12 Déwa Olimpus sanajan cacahipun boten langkung sakng kalih welas ing satunggal pratélan.
Zeus, Hera, Poseidon, Ares, Hermes, Hefaistos, Afrodit, Athena, Apollo lan Artemis [2] mesthi kalebet ing pratélan Déwa-Dèwi Olimpus. Kalih saking Hebe, Helios, Hestia, Demeter, Dionisos, Hades, lan Persefone punika dados jangkepan saking sedasa déwa-dèwi wau.
Hestia ngaturaken posisinipun minangka anggota Olimpus dhateng Dionisios supados saged gesang sesarengan kaliyan manungsa (pungkasan Hestia dipunangkat dados ingkang njagi pakunjaran latu wonten ing Olimpus) lajeng Hestia boten purun dipunwastani minangka anggota saking Olimpus. Persefone mapan 6 wulan saben taunipun kaliyan garwanipun, Hades ing donya saandhapipun siti (mitologinipun punika ingkang damel gersang ing mangsa palastra lan mangsa asrep). 6 wulan sanèsipun, Persefone pikantuk kondur ing Olimpus lan mapan kaliyan ibunipun, Demeter. Sanadyan Hades punika kalebet déwa utami Yunani, nanging amargi mapan wonten ing donya saandhapipun siti lajeng gegandhènganipun kaliyan Olimpus boten raket. Wonten ing cariyos sanèsipun, Helios maringaken papanipun kanggé Apollo. Hebe, satunggaling ingkang mbeta cawan anggur kanggé para déwa maringaken posisinipun ing Olimpus kanggé agarwa Herakles ingkang dados déwa Olimpus sasampunipun séda.
Saben déwa-dèwi ing mitologi Yunani kasebat paling boten gadhah satunggal unsur ingkang dipunkuwaosi lan dipunjagi. Unsur-unsur kasebat inggih punika:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.