lintang kang dadi punjeré tata surya From Wikipedia, the free encyclopedia
Srengéngé utawi surya punika bal raseksa ingkang kawangun saking gas hidrogen lan helium.[10] Srengéngé kalebet lintang kanthi warna pethak ingkang gadhah peran minangka pusat tata surya.[11][12][13] Sedaya komponèn tata surya kalebet 8 planit lan satelitipun, planit-planit kerdhil, asteroid, komèt, lan lebu akasa mubeng ngiteri srengéngé.[14] Sasanèsipun minangka punjer ubengan, srengéngé ugi wujud sumber ènèrgi kanggé kagesangan ingkang teras-terasan.[15] Panas srengéngé ndadosaken bumi anget lan mbentuk iklim, éwadéné cahyanipun maringi pepadhang dhumateng bumi sarta dipunpigunakkaen déning tetuwuhan kanggé prosès fotosintesis.[15] Tanpa srengéngé, boten bakal wonten kagesangan ing bumi amargi kathah réaksi kimia ingkang boten saged dumados.[15]
Data pangamatan | |
---|---|
Let rata-rata saka bumi |
1.496×108 km 8 min 19 s ing kacepetan cahya |
Kacerahan visual (V) | −26.74 [1] |
Magnitudo mutlak | 4.83 [1] |
Klasifikasi spektral | G2V |
Metallicity | Z = 0.0122[2] |
Ukuran pojok | 31.6′ – 32.7′ [3] |
Tembung sifat | surya |
Karakteristik orbital | |
Let rata-rata saka inti Milky Way |
~2.5×1017 km 000 taun cahya 26 |
Periode galaksi | (2.25–2.50)×108 a |
Kacepetan | ~ km/s (orbit sekitar pusat Galaksi) 220 ~ km/s (rélatif dhumateng kacepetan rata-rata lintang liya ing sekitar lintang) 20 ~ km/s 370[4] (rélatif dhumateng latar wuri gelombang mikro kosmik) |
Karakteristik fisik | |
Rata-rata diameter | 1.392×106 km [1] 109 × bumi |
Radius katulistiwa | 6.955×105 km [5] 109 × bumi[5] |
Keliling katulistiwa | 4.379×106 km [5] 109 × bumi[5] |
Flattening | 9×10−6 |
Wiyar aréa | 6.0877×1012 km2 [5] 990 × bumi 11[5] |
Volume | 1.412×1018 km3 [5] 300000 × bumi 1 |
Massa | 1.9891×1030 kg[1] 000 × bumi 333[1] |
Kapadhetan rata-rata | 1.408×103 kg/m3 [1][5][6] |
Kapadhetan | Pusat (modhèl): 1.622×105 kg/m3 [1] Fotosfèr ngisor: 2×10−4 kg/m3 Kromosfèr ngisor: 5×10−6 kg/m3 Korona (rata-rata.): 1×10−12 kg/m3 [7] |
Gravitasi permukaan katulistiwa | 274.0 m/s2 [1] 27.94 g}} 28 × bumi[5] |
Kacepetan uwal dhiri (saka permukaan) |
{617.7 km/s [5] 55 × bumi[5] |
Suhu | Pusat (modhèl): ~1.57×107 K [1] Fotosfèr (èfèktif): 5,778 K [1] Korona: ~5×106 K |
Luminosity (Lsol) | 3.846×1026 W [1] ~3.75×1028 lm}} ~98 lm/W efficacy |
Intensitas rata-rata (Isol) | 2.009×107 W·m−2·sr−1 |
Karakteristik rotasi | |
Kamiringan sumbu | 7.25° [1] (tumrap ekliptika) 67.23° (tumrap bidhang galaksi) |
Right ascension saka kutub lor[8] |
286.13° 19 jam 4 menit 30 detik |
Deklinasi saka kutub lor |
+63.87° 63°52' LU |
Sidereal periode rotasi (ing katulistiwa) |
25.05 dina [1] |
(ing 16° lintang) | 25.38 dina [1] 25 dina 9 jam 7 menit 12 detik [8] |
(ing kutub) | 34.4 dina [1] |
Kacepetan rotasi (ing katulistiwa) |
7.189×103 km/jam [5] |
Komposisi fotosfèr (miturut massa) | |
Hidrogen | 73.46%[9] |
Helium | 24.85% |
Oksigen | 0.77% |
Karbon | 0.29% |
Wesi | 0.16% |
Neon | 0.12% |
Nitrogen | 0.09% |
Silikon | 0.07% |
Magnesium | 0.05% |
Welirang | 0.04% |
Nicolaus Copernicus punika tiyang sepisanan ingkang ngajengaken téyori bilih srengéngé punika pusat parédharan tata surya ing abad 16.[16] Téyori punika lajeng dipunbuktèkaken déning Galileo Galilei lan pangamat akasa sanèsipun.[16] Téyori ingkang salajengipun dipuntepangi kanthi nama heliosentrisme punika nugelaken téyori geosentrisme (bumi minangka pusat tata surya) ingkang dipunajengaken déning Ptolemeus lan sampun tahan wiwit abad kaping kalih sadèrèngipun masèhi.[17] Konsèp fusi nuklir ingkang dipunajengaken déning Subrahmanyan Chandrasekhar lan Hans Bethe nalika taun 1930 pungkasanipun saged njelasaken punapa punika srengéngé kanthi tepat.[16]
Srengéngé awangun bal pijar kanthi senyawa panyusun utami wujud gas hidrogen (74%) lan helium (25%) kaionisasi.[13][14][18] Senyawa panyusun sanèsipun kapérang saking wesi, nikel, silikon, sulfur, magnesium, karbon, neon, kalsium, lan kromium.[19] Cahya srengéngé asalipun saking asil réaksi fusi hidrogen dados helium.[20]
Adhedhasar pangétangan migunakaken Hukum Newton kanthi nglibataken pangaji kacepetan orbit bumi, let srengéngé, lan gaya gravitasi, dipunpikantuk massa srengéngé inggih punika 1,989x1030 kilogram.[18][21] Angka kasebat sami kaliyan kaping 333.000 massa bumi.[18] Sauntawisipun punika dhiameter srengéngé inggih punika 1.392.000 kilomèter utawi 865.000 mil, sami kaliyan kaping 109 dhiameter bumi.[14] Minangka pabandhingan, 1,3 yuta planit saukuran bumi saged mlebet dhumateng srengéngé.[14] Mila, srengéngé dados objèk paling ageng ing tata surya kanthi massa dumugi 99,85% saking total massa tata surya.[22]
Srengéngé wujud lintang ingkang paling caket kaliyan bumi, inggih punika letipun rata-rata 149.600.000 kilomèter (92,96 yuta mil).[13][23] Let srengéngé dhumateng bumi punika dipuntepangi minangka ékan astronomi lan biyasa dipunbulataken (kanggé panyedherhanan étangan) dados 150 yuta km.[13][22]
Adhedhasar pangétangan kanthi métodhe analisis radhioaktif, dipunmangertosi bilih batuan rembulan, meteorit lan batuan bumi paling sepuh ingkang naté kapanggih yuswanipun watawis 4,6 milyar taun.[24] Sauntawisipun punika conto batuan srengéngé dèrèng naté dipunpikantuk saéngga pangétangan dipunlampahaken kanthi matématika migunakaken modhèl interior srengéngé.[25] Adhedhasar asil pangétangan matématika inggih punika srengéngé dipunkintenaken yuswanipun 5 ± 1,5 milyar taun.[25] Nanging, amargi tata surya dipunkawruhi kawangun minangka satunggil kasatuwan salebetipun wekdal ingkang cecaketan mila sapunika kanthi umum srengéngé dipunanggep yuswanipun 4,6 milyar taun.[24][25] Srengéngé kagolong lintang tipe G V, kanthi ciri gadhah suhu lumahipun watawsis 6.000 K lan limrahipun tahan salaminipun 10 milyar taun.[20] Srengéngé dipunkintenaken yuswanipun watawis 7 milyar taun malih, sadèrèngipun hidrogen ing intinipun telas.[14] Manawi prakawis kasebat dumados, srengéngé bakal èkspansi dados lintang raseksa warna abrit ingkang asrep lan mangan planit-planit alit ing sakupengipun (manawi kalebet bumi) sadèrèngipun pungkasanipun wangsul dados lintang kerdhil warna pethak malih.[14]
Gaya gravitasi ing srengéngé sabandhing kaliyan kaping 28 gravitasi ing bumi.[26] Sacara téyori prakawis kasebat ateges bilih satunggiling tiyang gadhah bobot 100 kg ing bumi mila manawi lelampahan ing lumahipun srengéngé bobotipun bakal karaos kados 2.800 kg.[26] Gravitasi srengéngé mungkinaken narik sadaya komponèn-komponèn panyusunipun mbentuk satunggil wangun bal sampurna.[26] Gravitasi srengéngé ugi ingkang nahan planit-planit ingkang ngupengi tetep wonten ing orbitipun piyambak-piyambak.[26] Prabawa saking gravitasi srengéngé taksih saged karaos dumugi let 2 taun cahya.[26]
Radhiasi srengéngé, langkung dipuntepangi minangka cahya srengéngé, inggih punika campuran gelombang èlèktromagnètik ingkang kapérang saking gelombang infraabrit, cahya katingal, sinar ultraviolèt.[27] Sesaya gelombang èlèktromagnètik punika obah kanthi kacepetan watawis 3,0 x 108 m/s.[27] Mila radhiasi utawi cahya merlokaken wekdal 8 menit kanggé dumugi dhumateng bumi.[27] Srengéngé ugi ngasilaken sinar gamma, nanging frékuènsinipun tansaya alit sairing kaliyan letipun nilaraken inti.[27]
Srengéngé gadhah enem lapisan ingkang saben lapisan gadhah karakteristik tartamtu.[13] Kaenem lapisan kasebat ngambah inti srengéngé, zona radhioaktif, lan zona konvèktif ingkang mbentuk lapisan lebet (interior); fotosfèr; kromosfèr; lan korona minangka laladan paling njawi saking srengéngé.[13]
Inti inggih punika aréa paling lebet saking srengéngé ingkang gadhah suhu watawis 15 yuta drajat Celcius (27 yuta drajat Fahrenheit).[13][28] Adhedhasar pabandhingan radhius/dhiameter, pérangan inti kanthi ukuran saprasekawan let saking pusat dhumateng lumahipun lan 1/64 total volume srengéngé.[29] Kapadhetanipun inggih punika watawis 150 g/cm3. Suhu lan tekanan ingkang kados makaten inggilipun mungkinaken wontenipun pamecahan atom-atom dados èlèktron, proton, lan neutron.[28][29] Neutron ingkang boten gadhah momotan bakal nilar inti nuju pérangan srengéngé ingkang langkung njawi.[28] Sauntawis punika ènèrgi panas ing lebet inti njalari paobahan èlèktron lan proton rikat sanget lan silih tabrakan satunggal kaliyan sanèsipun njalari réaksi fusi nuklir (asring ugi dipunsebat termonuklir).[13][28] Inti srengéngé inggih punika papan dumadosipun réaksi fusi nuklir helium dados hidrogen.[29] Ènèrgi asil réaksi termonuklir ing inti wujud sinar gamma lan neutrino maringi tenaga ageng sanget ugi ngasilaken sadaya ènèrgi panas lan cahya ingkang dipuntampi ing bumi.[13][28][30] Ènèrgi kasebat dipunbeta medal saking srengéngé liwat radhiasi.[13]
Zona radhiatif inggih punika laladan ingkang nylubungi inti srengéngé.[31] Ènèrgi saking inti salebetipun wangun radhiasi kempal ing laladan punika sadèrèngipun dipunterasaken dhumateng pérangan srengéngé ingkang langkung njawi.[31] Kapadhetan zona radhiatif inggih punika watawis 20 g/cm3 kanthi suhu saking pérangan lebet dhumateng njawi antawisipun 7 yuta dumugi 2 yuta drajat Celcius.[32] Suhu lan dhènsitas zona radhiatif taksih cekap inggil, nanging boten mungkinaken dumadosipun réaksi fusi nuklir.[32]
Zona konvèktif inggih punika lapisan ing pundi suhu wiwit mandhap.[13] Suhu zona konvèktif inggih punika watawis 2 yuta drajat Celcius (3.5 yuta drajat Fahrenheit).[13] Sasampunipun medal saking zona radhiatif, atom-atom kanthi ènèrgi saking inti srengéngé bakal obah nuju lapisan langkung njawi ingkang gadhah suhu langkung asor.[33] Pamandhapan suhu kasebat njalari dumadosipun saya alonipun obahan atom saéngga paobahan kanthi radhiasi dados kirang èfisièn malih.[30] Ènèrgi saking inti srengéngé mbetahaken wekdal 170.000 taun kanggé nggayuh zona konvèktif.[13] Nalika wonten ing zona konvèktif, paobahan atom bakal dumados kanthi konvèksi ing aréa sadawanipun sapérangan atus kilomèter ingkang kasusun saking sèl-sèl gas raseksa ingkang teras sirkulasi.[30] Atom-atom kanthi suhu inggil ingkang nembé medal saking zona radhiatif bakal obah kanthi alon nggayuh lapisan paling njawi zona konvèktif ingkang langkung asrep njalari atom-atom kasebat "dhawah" malih dhumateng lapisan paling inggil zona radhiatif ingkang panas ingkang salajengĞipun minggah malih.[33] Prastawa punika bola-bali teras njalari wontenipun paobahan wolak-walik ingkang njalari transfer ènèrgi kados déné ingkang dumados nalika manasaken toya ing salebetipun panci.[33] Mila, zona konvèktif dipuntepangi ugi kanthi nama zona pangumuban (the boiling zone).[33] Matèri ènèrgi bakal dumugi pérangan inggil zona konvèktif salebetipun wekdal sapérangan minggu.[33]
Fotosfèr utawi lumahipun srengéngé ngambah wewengkon ingkang kandelipun 500 kilomèter kanthi suhu watawis 5.500 drajat Celcius (10.000 drajat Fahrenheit).[13] Sapérangan ageng radhiasi srengéngé ingkang dipunuwalaken medal asalipun saking fotosfèr.[13] Ènèrgi kasebat dipunobservasi minangka sinar srengéngé ing bumi, 8 menit sasampunipun nilar srengéngé.[13]
Kromosfèr inggih punika lapisan ing sainggilipun fotosfèr.[13] Werna saking kromosfèr limrahipun boten katingal amargi katutup cahya ingkang padhang sanget ingkang dipunasilaken fotosfèr.[13] Nanging nalika dumados grahana srengéngé total, ing pundi rembulan nutupi fotosfèr, pérangan kromosfèr bakal katingal minangka pigura kanthi warna abrit ing sakupengipun srengéngé.[13][30] Warna abrit kasebat dipunsebabaken déning inggilipun kandhutan helium ing mrika.[30]
Korona wujud lapisan paling njawi saking srengéngé.[30] Lapisan punika gadhah warna pethak, nanging namung saged dipuntingali nalika dumados grahana amargi cahya ingkang dipunpancaraken boten sami kiyatipun pérangan srengéngé ingkang langkung lebet.[30] Nalika grahana total dumados, korona katingal mbentuk makutha cahya kanthi warna pethak ing sakupengipun srengéngé.[13] Lapisan korona gadhah suhu ingkang langkung inggil tinimbang pérangan lebet srengéngé kanthi rata-rata 2 yuta drajat Fahrenheit, nanging ing sapérangan pérangan saged dumugi suhu 5 yuta drajat Fahrenheit.[30]
Srengéngé gadhah kalih jinis paobahan, inggih punika:
Sistem lintang ingkang paling caket kaliyan srengéngé inggih punika Alpha Centauri.[37] Lintang ing salebetipun komplèks kasebat ingkang gadhah posisi paling caket kaliyan srengéngé inggih punika Proxima Centauri, satunggiling lintang kanthi warna abrit redhup ingkang wonten salebetipun konstélasi Centaurus.[37] Let srengéngé dhumateng Proxima Centauri inggih punika 4,3 taun cahya (39.900 yuta km utawi 270 éwu unit astronomi), kirang langkung kaping 270 éwu let srengéngé dhumateng bumi.[37] Para ahli astronomi mangertosi bilih bendha-bendha akasa mesthi obah salebetipun orbitipun piyambak-piyambak.[38] Mila, pangétangan let dipunlampahaken dhedhasar éwah-éwahan posisi satunggiling lintang salebetipun kurun wekdal tartamtu kanthi pathokan dhumateng posisinipun tumrap lintang-lintang ing sakupengipun.[38] Métodhe pangukuran punika dipunsebat parallaks (parallax).[38]
Ing ngandhap punika sapérangan ciri khas ingkang dipungadhahi srengéngé:
Prominènsa inggih punika salah satunggil ciri khas srengéngé, wujud pérangan srengéngé mèmper lathi latu ingkang ageng sanget lan padhang ingkang nyiprat medal saking pérangan lumahanipun srengéngé sarta asring ugi awangun loop (puteran).[39][40] Prominènsa dipunsebat ugi minangka filamèn srengéngé amargi sanadyan juluranipun padhang sanget manawi dipuntingali ing akasa ingkang peteng, nanging boten langkung padhang tinimbang sadaya srengéngé punika piyambak.[39] Prominènsa namung saged dipuntingali saking bumi kanthi bantuan teleskop lan filter.[39] Prominènsa paling ageng ingkang naté dipuntangkep déning SOHO (Solar and Heliospheric Observatory) dipunèstimasi ukuran panjangipun 350 éwu km.[39]
Sami kados korona, prominènsa kawangun saking plasma nanging gadhah suhu ingkang langkung asrep.[39] Prominènsa isinipun matèri kanthi massa dumugi 100 milyar kg.[39] Prominènsa dumados ing lapisan fotosfèr srengéngé lan obah medal nuju korona srengéngé.[39] Plasma prominènsa obah ing sadawanipun médhan magnèt srengéngé.[41] Érupsi saged dumados nalika struktur prominèsa dados boten stabil saéngga bakal pecah lan ngedalaken plasmanipun.[41] Nalika dumados érupsi, matérial ingkang dipunwedalaken dados péranganing struktur magnètik ingkang ageng sanget dipunsebat semburan massa korona (coronnal mass ejection/ CME).[39][41] Paobahan semburan korona kasebat dumados ing kacepetan ingkang inggil sanget, inggih punika antawis 20 éwu m/s dumugi 3,2 yuta km/s.[39] Paobahan kasebat ugi njalari paningkatan suhu dumugi puluhan yuta drajat salebetipun wekdal ingkang singkat.[39] Manawi érupsi semburan massa korona ngarah dhumateng bumi, bakal dumados interaksi kaliyan médhan magnèt bumi lan njalari dumadosipun badhai géomagnètik ingkang gadhah potènsi ngganggu jaringan komunikasi lan listrik.[41]
Satèunggiling prominènsa ingkang stabil saged tahan ing korona dumugi mawulan-wulan dangunipun lan ukuranipun taras tansaya ageng saben dinten.[41] Para ahli taksih teras nliti kepripun lan kénging punapa prominènsa saged dumados.[41]
Bintik srengéngé inggih punika granula-granula cembung alit ingkang kapanggih ing pérangan fotosfèr srengéngé kanthi gunggung ingkang boten kaétang.[42] Bintik srengéngé karipta nalika garis médhan magnèt srengéngé nembus pérangan fotosfèr.[43] Ukuran bintik srengéngé saged langkung ageng tinimbang bumi.[40] Bintik srengéngé gadhah laladan ingkang peteng ingkang namanipun umbra, ingkang dipunkupengi déning laladan ingkang langkung padhang ingkang aranipun penumbra.[42] Warna bintik srengéngé katingal langkung peteng amargi suhunipun ingkang tebih langkung asor saking fotosfèr.[42] Suhu ing laladan umbra inggih punika watawis 2.200 °C éwadéné ing laladan penumbra inggih punika 3.500 °C.[42] Amargi émisi cahya ugi dipunprabawai déning suhu mila pérangan bintik srengéngé umbra namung ngémisikaken kaping 1/6 cahya manawi dipunbandhingaken lumahipun srengéngé ing ukuran ingkang sami.[42]
Angin srengéngé kawangun saking aliran konstan saking partikel-partikel ingkang dipunwedalaken déning pérangan inggil atomosfèr srengéngé, ingkang obah dhumateng sadaya tata surya.[44] Partikel-partikel kasebat gadhah ènèrgi ingkang inggil, nanging prosès paobahanipun medal médhan gravitasi srengéngé ing kacepetan ingkang inggil sanget dèreng dipunmangertos kanthi sampurna.[44] Kacepetan angin srengéngé kapérang dados kalih, inggih punika angin rikat ingkang nggayuh 400 km/s lan angin rikat ingkang nggayuh langkung saking 500 km/s.[45] Kecepetan punika ugi saya tambah kanthi èksponènsial selaras letipun saking srengéngé.[45] Angin srengéngé ingkang umum dumados gadhah kacepetan 750 km/s lan asalipun saking bolongan korona ing atmosfèr srengéngé.[45]
Sapérangan bukti wontenipun angin srengéngé ingkang saged dipunraosaken utawi dipuntingali saking bumi inggih punika badhai géomagnetik kanthi ènèrgi inggil ingkang nrisak satelit lan sistem listrik, aurora ing Kutub Lèr utawi Kutub Kidul, lan partikel mèmper buntut panjang ing komèt ingkang mesthi ngedohi srengéngé amargi siliran angin srengéngé.[44] Angin srengéngé saged mbebayani kanggé kagesangan ing Bumi manawi boten wonten médhan magnèt bumi ingkang ngreksa saking radhiasi.[44] Ing sanyatanipun, ukuran lan wangun médhan magnèt bumi ugi dipuntemtokaken déning kakiyatan lan kacepetan angin srengéngé ingkang liwat.[44]
Badai srengéngé dumados nalika wonten panguwalan sanalika ènèrgi magnètik ingkang kawangun ing atmosfèr srengéngé.[46] Plasma srengéngé ingkang mundhak suhunipun dumugi mayuta-yuta Kelvin sesarengan kaliyan partikel-partikel sanèsipun nglampahi akselerasi nyaketi kacepetan cahya.[47] Total ènèrgi ingkang dipunuwalaken sami kaliyan mayuta-yuta bom hidrogen kanthi ukuran 100 megaton.[46] Gunggung lan kakiyatan badai srengéngé kathah variasinipun.[47] Nalika srengéngé aktif lan gadhah kathah bintik, badai srengéngé langkung asring dumados. Badai srengéngé asring ugi dumados sesarengan kaliyan lubèripun massa korona.[47] Badai srengéngé maringaken risiko radhiasi ingkang ageng sanget dhumateng satelit, montor mabur ulang alik, astronot, lan mliginipun sistem télékomunikasi bumi.[47][48] Badai srengéngé ingkang sepindhahipun kacathet ing pustaka astronomi inggih punika nalika tanggal 1 September 1859.[46] Kalih panliti, Richard C. Carrington lan Richard Hodgson ingkang nembé ngobservasi bintik srengéngé liwat teleskop ing papan kapisah, ngamati badai srengéngé ingkang katingal minangka cahya pethak ageng ing sakupengipun srengéngé.[46] Kadadosan punika dipunsebat Carrington Event lan njalari lumpuhipun jaringan télégraf transatlantik antawisipun Amérika lan Éropa.[48]
Montor mabur ulang-alik ingkang kaping sepindhah kasil mlebet dhumateng orbit srengéngé inggih punika Pioneer 4.[49] Pioneer 4, ingkang dipunluncuraken tanggal 3 Maret 1959 déning Amérika Sarékat, dados pionir salebetipun sajarah èksplorasi srengéngé.[49][50] Kasilipun Pioneer 4 dipunterasaken déning paluncuran Pioneer 5-Pioneer 9 salaminipun 1959-1968 ingkang panci gadhah tujuan kanggé nyinaoni prakawis srengéngé.[50] Nalika tanggal 26 Mèi 1973, stasiun njawi akasa Amérika Sarékat kanthi nama Skylab dipunluncuraken kanthi mbeta 3 awak.[50] Skylab mbeta Apollo Telescope Mount (ATM) ingkang dipungunakaken kanggé mundhut langkung saking 150.000 gambar srengéngé.[50]
Montor mabur ulang-alik sanèsipun, Helios I kasil ngorbit dumugi nggayuh let 47 yuta km saking srengéngé (nglabeti orbit Merkuri).[50][51] Helios I teras mubeng kanggé mesthèkaken sadaya pérangan montor mabur pikantuk gunggung panas ingkang sami saking srengéngé.[51] Helios I gadhah tugas ngempalaken data-data prakawis srengéngé.[51] Montor mabur ulang-alik asil karya sesarengan antawisipun Amérika Sarékat lan Jerman punika operasinipun wiwit 10 Dhésèmber 1974 dumugi akir 1982.[50][51] Helios II dipunluncuraken tanggal 16 Januari 1976 lan kasil nggayuh let 43 yuta km saking srengéngé.[50] Misi Helios II rampung wulan April 1976 nanging dipunnengké kémawon tetep wonten ing orbit.[51]
Solar Maximum Mission dipundhesain kanggé nglampahaken observasi aktivitas srengéngé mliginipun bintik lan latu srengéngé nalika srengéngé wonten ing périodhe aktivitas maksimum.[50][51] SMM dipunluncuraken déning Amérika Sarékat tanggal 14 Fèbruari 1980.[50] Salaminipun lelampahanipun, SMM naté ngalami karisakan nanging kasil dipunleresaken déning awak montor mabur ulang alik Challenger.[51] SMM teras wonten ing orbit bumi salaminipun nglampahaken observasi.[50][51] SMM ngempalaken data dumugi 24 November 1989 lan kobong nalika mlebet malih dhumateng atmosfèr bumi tanggal 2 Dhésèmber 1989.[50][51]
Montor mabur ulang alik Ulysses inggih punika asil proyèk internasional kanggé nyinaoni kutub-kutub srengéngé, dipunluncuraken tanggal 6 Oktober 1990.[50] Éwadéné Yohkoh inggih punika montor mabur ulang alik ingkang dipunluncuraken kanggé nyinaoni radhiasi ènèrgi inggil saking srengéngé.[50] Yohkoh wujud asil karya sesarengan Jepang, Amérika Sarékat, lan Inggris ingkang dipunluncuraken tanggal 31 Agustus 1991.[50]
Misi èksplorasi srengéngé ingkang paling misuwur inggih punika Solar and Heliospheric Observatory (SOHO) ingkang dipunkembangaken déning Badan Antariksa Amérika Sarékat (NASA) nyambut damel sesarengan kaliyan Agènsi Njawi Angkasa Éropa (ESA) lan dipunluncuraken tanggal 12 Dhésèmber 1995.[52] SOHO gadhah tugas ngempalaken data struktur internal, prosès fisik ingkang dumados, sarta pamundhutan gambar lan dhiagnosis spèktroskopis srengéngé.[50] SOHO dipunpanggènaken ing let 1,5 yuta km saking bumi lan taksih operasi dumugi sapunika.[50]
Misi èksplorasi paling énggal saking NASA inggih punika montor mabur ulang alik kembar kanthi nama STEREO ingkang dipunluncuraken tanggal 26 Oktober 2006.[51][52] STEREO gadhah tugas kanggé nganalisis lan mundhut gambar srengéngé salebetipun wangun 3 dhimènsi.[51] Solar Dynamics Observatory Mission inggih punika misi èksplorasi NASA ingkang nembé wonten pangembangan lan sampun dipunpublikasikaken wulan April 2008.[51] Solar Dynamics Observatory Mission dipunkintenaken bakal ngorbit kanggé nyinaoni dhinamika srengéngé ingkang ngambah aktivitas srengéngé, évolusi atmosfèr srengéngé, lan prabawa radhiasi srengéngé dhumateng planit-planit sanès.[51]
Srengéngé sampun dados simbol wigatos ing kathah kabudayan salamipipun peradhaban manungsa.[53] Salebetipun mitologi ingkang dipungadhahi déning manéka bangsa ing donya, srengéngé gadhah peranan ingkang wigatos sanget ing salebetipun kagesangan masarakatipun.[53] Srengéngé dipuntepangi kanthi nama ingkang bèntèn-bènten ing saben kabudayan lan asring ugi dipunsembah minangka déwa.[13][53]
Srengéngé punika sumber ènèrgi kanggé kagesangan.[24] Srengéngé gadhah kathah mupangat lan peran ingkang wigatèos sanget kanggé kagesangan kados ta:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.