Jaran
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jaran (basa krama: kapal; Latin: Equus caballus utawa Equus ferus caballus[1][2]) iku salah siji saka sepuluh spésies modhèren mamalia saka génus Equus. kéwan iki wis suwé wujud salah siji kéwan ternak sing wigati kanthi ékonomis, lan wis nyekel peran wigati ing pangangkutan wong lan barang suwéné èwonan taun. Jaran bisa ditunggangi déning manungsa kanthi migunakaké sèdhel lan bisa uga kanggo narik, kaya ta kréta, utawa luku. Ing sapérangan laladan, jaran uga digunakaké minangka sumber panganan. Sanajan paternakan jaran diprakirakaké wis diwiwiti taun 4500 SM, bukti-bukti panggunaan jaran kanggo kaperluan manungsa gèk tinemu dumadi wiwit taun 2000 SM.
Jaran | |
---|---|
![]() | |
Cumbon | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Perissodactyla |
Famili: | Equidae |
Génus: | Equus |
Spésies: | E. caballus |
Jeneng binomial | |
Equus caballus Linnaeus, 1758 | |

Bobot
Jaran sing entheng, contoné jaran Arab, Morgan, Quarter Horse, Paint, lan Thoroughbred boboté bisa tekan watara 590 kg. Jaran sing "abot" utawa jaran beban, contoné Clydesdale, Draft, Percheron, lan Shire boboté bisa nganti 907 kg.
Shio
Jaran ana ing siklus kéwan 12 taun sing muncul ing Zodiak Tionghoa sing ana kaitané karo Kalèndher Tionghoa. Miturut carita rakyat Tionghoa, saben kéwan dihubungaké karo ciri-ciri pribaden tinamtu, lan wong-wong sing lair ing taun jaran duwé sipat: cerdas, swatantra lan duwé jiwa mardika. Pirsanana: Jaran (shio)
Pirsanana uga
- Topik ngenani jaran
- buku-buku klasik ngenani jaran-horse gaits-horse tack-gigi jaran-sepatu jaran-Anatomi sikil ngarep jaran-Kolik jaran
- Ulah raga berkuda
- Jaran ing fiksi
- Jaran kanthi sajarah
- Kacilakan jaran
- Jinis-jinis jaran
- Pakean Jaran
- Kacamata Jaran
- Jaran Troya
- Kréta jaran
- Equine coat color genetics
- Coloring: gray; the Creme gene for info on palomino, buckskin, smoky black, cremello, perlino, and smoky cream genetics
- Ehwaz
- Ashvamedha
- Daging jaran kanggo konsumsi manungsa
- Réproduksi jaran
- Paternakan jaran
Cathetan sikil
Rujukan
Pranala njaba
Gladri
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.