Nagasari
panganan tradisi khas Indonesia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Nagasari iku panganan teles-telesan kang digawé saka glepung beras nganggo isi gedhang. Nagasari racaké digawé utawa dimasak nalika ana hajatan pengantènan, khitanan utawa sunatan, Sedekah Bumi. Saliyané kanggo hajatan racaké nagasari uga dienggo dadi salah sijiné jajanan ing slametan selapan utawa dina lairé bocah. Ning Surabaya, nagasari iku uga dadi panganan kanggo sarapan.
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
Sunyata Rikat Jinis, Ajangan ...
Jinis | Jajanan pasar |
---|---|
Ajangan | Panganan panutup |
Panggonan asal | Indonésia |
Tlatah utawa praja | Jawa Tengah Jawa Kulon Jawa Wétan |
Hawa ajangan | Adhem |
Woworan pokok | Glepung beras, gedhang, gula |
Buku masakan: Nagasari Médhia: Nagasari |
Tutup
Ing tlatah Jawa Kulon ana sajinis nagasari sing diarani Nagasari Bandung. Nagasari jinis iki bahané saka glepung hungkwe.