Wos
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wos utawi beras (ngoko) punika gabah ingkang sampun dipunbucal kulitipun kaliyan dados sumber karbohidrat kanggé mayoritas manungsa ing donya. Cekakipun, beras punika wosing gabah.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/75/Brun_kvit_ris.jpg/220px-Brun_kvit_ris.jpg)
Kulit utawi rambut gabah miturut anatomi saged ugi dipunsebat ‘palea’ (pérangan ingkang dipuntutupi) lan ‘lemma’ (pérangan ingkang nutupi).
Cara anggénipun mbucal kulit gabah dados beras wonten kalih, inggih punika:
- Cara tradhisional, gabah dipundheplok nganggé lumpang utawa lesung saha alu. Salajengipun, beras dipunpisahaken saking bekatul (kulit gabah ingkang sampun alus) ngagem tampah. Bekatul piyambak saged dipun-ginakaken dados pakan kéwan ternak, upaminipun ayam, mènthog lan babi.
- Cara modhèren, gabah dipungiling nganggé mesin panggilingan. Mawi piranti punika, beras saged langsung resik lan dipunpisah kaliyan rambut gabah (kulit gabah ingkang setengah wetah (basa Indonésia: sekam) lan bekatul. Rambut gabah saged dados rabuk taneman kanggé mbudhidhaya taneman hias utawi dipunbrastha ngantos dados awu. Awu punika saged dipunanggé kanggé isah-isah perabot pawon (basa Indonésia: dapur) sasampunipun dipuncampur sabun.