Sedhekah Bumi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sedhekah Bumi, punika sami kaliyan sedhekah laut minangka wujud raos puji panuwun kanggé Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kamurahan rejeki lan gesang ingkang mulya. Sedhekah bumi limrahipun dipunwontenaken sasampunipun panèn wonten satunggaling désa.
ꦗꦮ |
![]() |
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
Padésan ingkang limrahipun ngawontenaken sedhekah bumi utawi gas désa punika désa-désa wonten kabupatèn Blora Blora. Kabupatèn Blora punika salah satunggaling kabupatèn ingkang wonten Jawi Tengah.
Limrahipun sedhekah bumi punika saben laladan bènten-bènten paleksanaanipun miturut pananggalan Jawi. Tuladhanipun ing désa Randublatung, sedhekah bumi dipunwontenaken saben dinten pasaran Rebo pon, ing désa Sawahan saben dinten Jemuwah legi, lan saben désa gadhah dinten piyambak-piyambak.
Wonten ubarampe ingkang kedah dipunsiapaken kanggé bancaan, kados ta jajan pasar, pasung, dumbeg, tumpeng jajan pasar lan sanèsipun. Saksampunipun siyap, ubarampé punika dipunbekta lan dipunkempalaken dados satunggal wonten panggénan ingkang limrahipun dipunanggep panggènan ingkang dados cikal bakal désa punika. Saksampunipun dipundongani ubarampé utawi bancaan ingkang kathah wau dados rebutan warga désa ingkang wonten papan panggènan bancaan sedhekah bumi punika.
Acara punika dipunsambung kaliyan hiburan rakyat kados barongan, kethoprak, seni tayub, campursari, utawi wayang kulit.