kabupatèn ing Jawa Tengah, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Kabupatèn Blora (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦨ꧀ꦭꦺꦴꦫ, Pegon: كَبُڤَتَينْ بلَورَ), yaiku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan, tapel wates karo Provinsi Jawa Wétan, udakara 127km sisih wétané Semarang. Kutha Blora iku kutha krajan kabupatèné, déné kutha-kutha liyané: Cepu, Ngawèn, Kunduran, Jepon, Jiken, Doplang, Randublatung, Kradenan lan liya-liyané. Jembaré wewengkon kabupatèn iki ± 1.821,40 km2 utawa 182.140 hèktar. Salah sawijining laladan ilèn Bengawan Sala kang diarani Bengawan Soré, kawentar minangka laladan kang dadi lokasi perang antarané Arya Penangsang lan Sutawijaya kang dicaritaaké ana ing Legenda Arya Jipang. Liyané Legenda Arya Penangsang karo jaran Gagak Rimangé, Kabupatèn Blora uga kawentar déning anané ajaran Saminisme kang asalé saka tlatah Klopodhuwur Blora. Masarakat Samin iki kerep banget didadèkaké obyèk panalitèn déning para mahasiswa utawa peneliti liyané saka Universitas Gadjah Mada lan Lembaga Pawiyatan Luhur liyané.
Sunyata Rikat Bloraكَبُڤَتَينْ بلَورَꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦨ꧀ꦭꦺꦴꦫ, Nagara ...
Kawit jaman Karaton Pajang nganti jaman Karaton Mataram Kabupatèn Blora wujud laladan wigati tumrap Papréntahan Pusat Kraton, amarga Blora kawentar alas jatiné. Blora wiwit owah statusé saka apanage dadi laladan Kabupatèn ana ing dina Kamis Kliwon, tanggal 2 Sura taun Alib 1675, utawa tanggal 11 Dhésèmber 1749 Masehi, lan nganti saiki dadi DINA DADI KABUPATEN BLORA. Bupati kang kapisan yaiku WILATIKTA. Sajarah perlawanan Rakyat Blora nglawan penjajah Walanda kang dipelopori déning para among tani diwiwiti ing akir abad ka 19 lan awal abad ka 20. Perlawanan para tani iku mau magepokan karo sangsaya munduré kaanan sosial lan ékonomi warga désa. Pajak Kepala kang ditrapaké nalika taun 1882 pancèn dirasa abot déning para tani saéngga para tani dipanggedhèni déning Samin Surosentiko miwiti perlawanan kang misuwur ana sajarah minangka Gègèr Samin.[1].
Kabupatèn Blora duwé tlatah kang paling endhèk 30 nganti 280 mèter sak ndhuwuré lumah sagara, déné kang paling dhuwur nganti 500 mèter sak ndhuwuré lumah sagara. Kacamatan Japah minangka tlatah kang paling dhuwur, déné Kacamatan Cepu minangka tlatah kang paling endhèk dhéwé. Wewengkon Kabupatèn Blora diapit déning Pagunungan Kendheng Lor lan Pagunungan Kendheng Kidul, kanthi susunan lemah wujud 56% gromosol, 39% mediteran lan 5% aluvial. Miturut tata guna tanah, laladan alas minangka tlatah kang paling amba dhéwé yaiku kurang punjul 90 hèktar utawa 49,66 persèn, disusul lahan sawah kurang luwih 46 hèktar lan tegalan 26 hèktar.[2] Kacamatan Cepu kang kawentar sugih kekandutan lenga patra (Blok Cepu), minangka wates karo Provinsi Jawa Wétan (Kabupatèn Bojanegara lan Kabupatèn Ngawi). Tapel wates mau wujud tapel wates alam, yaiku Kali Bengawan Sala.
Dunungé
Kabupatèn Blora dumunung ana ing wewengkon paling pucuk wétan Provinsi Jawa Tengah. Jarak paling adoh saka kulon mengétan antara 57km lan jarak paling adoh saka lor mengidul kira-kira 58km.
Wates Astronomis
Kabupatèn Blora dumunung ana ing antarané 111°0'16" nganti 111°33'8" Bujur Wétan lan antarané 6°5'28" nganti 7°2'48" Lintang Kidul.[3]
Pertanian minangka sèktor utama perékonomian Kabupatèn Blora. Pari, téla pohung, lombok abang, dadi produk unggulan masarakat tani ing Blora. Nanging kuciwané akèh sawah kang durung keduman pengairan saéngga panèné mung setahun pisan. Yèn mangsa katiga para among tani padha nandur semangka, timun, utawa krai. Déné sub sèktor kahutanan pancèn Kabupatèn Blora wis kawentar biyèn mula minangka tlatah kang ngasilaké kayu jati kang kualitasé paling apik ing Pulo Jawa. Kurang luwih 49,66 persèn luas tlatah Kabupatèn Blora dipigunakan kanggo alas nagara, kapara dadi telung kesatuan administrasi yaiku KPH Randublatung, KPH Cepu, lan KPH Blora.
Dedagangan
Komoditas dagang kang paling utama ing Blora wujud produk kayu jati, kaya ta indhustri asil kayu, mèbel, kerajinan kayu gémbol, kerajinan sovenir saka bahan kayu jati. Kajaba iku produk-produk hasil tetanèn wujud pari utawa beras, gedhang, jagung, téla, lombok abang, lan liya liyané.
Pertambangan
Kabupatèn Blora wiwit jaman Walanda wis kawentar minangka laladan penghasil lenga patra. Jaman biyèn diolah déning Perusahaan Walanda BPM. Nganti sapréné isih ana tilasé wujud sumur-sumur lenga kang isih migunakaké pompa angguk. Liyané iku uga ana Akademi Migas ing tlatah Sorogo kang saiki jenengé dadi Pusat Wiyata Latihan Migas. Sawisé mati puluhan taun, ora ana penambangan manèh, ujug-ujug taun 2006 tinemu cadangan lenga kang akèh banget ing tlatah Blora lan Bojonegoro kang kawentar kanthi jeneng Blok Cepu.
Ladang lenga patra kang kawentar kanthi jeneng Blok Cepu ambané 45km saka sisih wétan laladan Kapas, Kabupatèn Bojanegara nganti sisih kulon ing Kedung Tuban, Kabupatèn Blora iku, kira-kira ngandut cadangan lenga patra nganti 650 yuta barel lan 1,7 triliun cubic feet gas alam. Masarakat Indonésia mligi warga Blora lan Bojonegoro mesthi waé ngrasa bungah lan antusias arep diwiwitiné pengeboran sumur-sumur lenga Blok Cepu ana ing pungkasan taun 2007.
Kagunan Tayuban. Tayuban iku kagunan kabudayan tradhisional kang sumebar ana ing tlatah Blora lan saubengé. Saliyané kanggo nyambut tamu kaurmatan, tayuban uga dipéntasaké nalika sedekah bumi utawa pista-pista adat liyané. Ing sajeroning tayuban para tamu kang ketiban sampur olèh kaurmatan kanggo njogèt bareng karo penari tayub.[5] Perkembangan sakbanjurè kagunan tayub uga ngetutaké perkembangan seléra masarakat yaiku lebur dadi siji karo musik [dangdut] lan [campursari] kang lagi digandrungi warga. Sawetara iku dampak negatipé uga ana yaiku banjur dicampuri ananing minuman keras lan tindak tanduk kang mengarah kurang trapsila, kaya déné kang katulis ana ing kalawarta Intisari lan kalawarti Kompas.[6],[7],[8]
Barongan. Kesenian Barong utawa Barongan minangka sawijining kesenian rakyat Jowo Tengah. Nanging yèn dibandingaké karo saerah-laladan liya ing Jowo Tengah, sumebaré kagunan barongan ing Blora pancèn luwih akèh. Liwat Barongan, katon sipat kerakyatané masarakat Blora, antarané sipat spontan, kulawargan, prasaja, kasar, kuwat, rukun, lan wani lalandhesan kebenaran. Kesenian iki awujud jogèd golongan kang nirokaké Singabarong kang prakosa lan tokoh liyané yaiku Bujangganong, Joko Lodro, Réyog, Noyontoko, lan Untub.[9]
Wayang Krucil. Tontonan Wayang Krucil wis rada langka. Sisa-sisa wayangé ana ing tlatah Blora kari didarbèni déning sawatara warga antarané déning dhalang Wayang Krucil Supangkat (45), penduduk Désa JanjangKacamatan Jiken, Blora. Wayang Krucil, utawa ing tlatah liya dijenengi Wayang klithik iku digawé saka kayu. Nanging rada béda karo Wayang Golek kang awaké wangun gilig kaya manungsa, wayang krucil wanguné gèpèng, mèmper wayang kulit. Déné gedebog kang lumrahé dienggo nancepaké wayang diganti nganggo kayu kang di bolongi.[10]
Kentrung. Kesenian kentrung awujud kagunan ndongèng kang dalangé carita sinambi nabuh kentrung, yaiku sawijiné piranti tetabuhan kaya rebana.
Ajaran Samin (Saminisme)
Ajaran Kebathinan Samin. Miturut warga Samin ing désa Tapelan, Samin Surosentiko punika saged nulis saha ngraos aksara Jawa, katilik saking anané buku paninggalan ingkang tinemu wonten Tapelan wonten désa-désa liyané. Buku tilas Samin Surosentiko ingkang wonten ing désa Tapelan diarani Serat Jamus Kalimasada. Buku punika kapèrang dadi sawatara buku antarané Serat Uri-Uri Pambudi, yaiku buku ingkang isinipun ngupakara budi pekerti manungsa. Ajaran Kebatinan Samin Surosentiko apunjer wonten kawruh manunggaling kawula gusti utawa sangkan paraning dumadi ingkang dipunibaratakén warangka manjing cubriya. Kanggo nglawan Pemerentah Kolonial Walanda, Samin Surosentiko ngajak para pendhèrèké nulak mbayar pajeg, nulak ndandani dalan, nulak ronda wengi saha nulak makarya peksa/rodi. Perkara kanagaran uga winten Serat Pikukuh Kasajaten ajaran Samin Surosentiko, inggih punika nagara bakal kawentar saha wibawa manawi saged didadèkaké panggonan ngeyub kanggo wargané saha para warga tansah nguri-uri ngèlmu pangetahuan saha urip tentrem.[11]
Geger Samin.Samin Surosentiko lair taun 1859, ing désa Ploso Kedhiren, Randublatung, Kabupatèn Blora. Ramanipun ingkang namanipun Radèn Surowijaya nanging luwih koncar kanthi tetenger Samin Sepuh. Jeneng asliné sakbeneré Radèn Kohar, nanging tembé mburi diowahi dadi Samin, jeneng ingkang luwih kemrakyat. Wiwit taun 1890, Samin Surosentiko nyebaraké ajarané wonten tlatah Klapadhuwur, Blora.kathah warga désa saubengé ingkang uga kepéncut marang ajarané, saéngga ing sajeroning wektu ora suwé wis akèh warga kang dadi muridé. Wektu punika Pemerentah Kolonial Walanda dèrèng pati ngrèwès amarga dianggep ajaran kebathinan biyasa utawa agama anyar ingkang boten mbebayani tumraping pemerentah kolonial. Ana ing taun 1903 Residen Rembang nglapuraké yèn ana sawatara 711 pendhèrèk Samin kang nyebar ana ing 34 désa ing Blora bagèan kidul saha Bojonegoro lagi padha nyebaraké ajaran Samin. Tekan titi wanci taun 1907 warga Samin sampun tambah ngrembaka dadi limang èwunan. Pemerentah Kolonial Walanda wiwit ngrasa was-was saéngga kathah pendèrèk Samin ingkang dicekel saha dikunjara. Nalika tanggal 8 Novèmber 1907, Samin Surosentiko diangkat déning pendhèrèké dadi Ratu Adil, kanthi gelar Prabu Panembahan Suryangalam. Patang puluh dina sawisé pemgangkatan mau Samin Suryosentiko dicekel déning Radèn Pranolo, Asisten Wedana Randublatung. Sawisé dicekel, Samin lan 8 pendhèrèké dibuang ning luar Jawa nganti sak tilar donyané ing taun 1914. Kanthi dicekelé Samin tibaké boten numpesaké Gerakan Samin. Tahun 1908, Wongsorejo, salah sawijining pendhèrèk Samin nyebaraké ajaran Samin wonten Madiun. wonten punika warga désa diasut supaya boten mbayar pajeg marang pemerentah Kolonial. Sidané Wongsorejo lan pendhèrèké uga dicekel saha dibuang wonten njabanipun pula Jawa. Tahun 1911, Surohidin, mantunipun Samin Surosentiko kalih Engkrak, salah sawijining pendhèrèké, nyebaraké ajaran Samin wonten tlatah Grobogan; déné Karsiyah nyebaraké ajaran Samin ing tlatah Kajèn, Pathi. Ana ing taun 1912 pendhèrèk ajaran Samin nyoba nyebaraké ajaran wonten tlatah Jatirogo, Tuban, nanging boten kasil. Tahun 1914, minangka pucuking Geger Samin, amarga Pemerentah Walanda ngunggahaké pajeg, malahan wonten sawatara tlalah kaya ta wonten Purwadadi, Madiun, Pathi saha Bojonegoro, wong-wong Samin sampun boten ngregani para Pamong Désa saha Pulisi. Tahun 1930 perlawanan Samin tumrap Pemerentah Kolonial mandheg amarga boten wonten figur pemimpin ingkang kuwat. Saking data ingkang tinemu wonten Serat Punjer Kawitan, disimpulaké manawi Samin Surosentiko inggih punika sawijining Pangèran utawa bangsawan ingkang nyamar dumados wong cilik kanggo ngumpulakén kakuwatan rakyat kanggo nglawan pemerentah Kolonial Walanda.[11]
Panganan Khas Blora
Saté Blora. Sing paling populèr wujud saté pitik kang disundhuki cilik-cilik nganggo bumbu kacang. Bubar mangan kang di itung sujèné kang digawé saka sada. Salah sawijiné bakul sate ayam kang kawentar énak lan bukak rina (kang akèh sate ayam bukak mbengi) yaiku sate Pak Kadirun, kidul Kantor Polantas anyar-biyèn Polres Blora. Jinis saté liyané yaiku saté jagal utawa saté daging sapi lan saté wedhus.
Soto Klethuk. Ora pati béda karo soto saka laladan liya, mung ning Blora sotoné nganggo klethuk, yaiku gorèngan gemblong telo kang diirisi cilik-cilik marakké tambah mirasa lan duduhe racaké bening.
Mangut. Bahan dhasar masakan iki wujud iwak panggang “Pé”, yaiku sajinis iwak pari yang diproses kanthi pengasapan nganggo kayu mirunggan saéngga ngasilaké aroma kang kas. Paling sedhep dicampur témpé lan lombok ijo terus dibumboni lan digodhok nganggo santen. Saliyané dimasak mangut, panggang iwak “Pé” uga énak dipenyèt nganggo sambel trasi.
Tahu Lonthong. Tahu Lontong Blora (nèng tlatah liya asring dijenengaké Lontong Tahu), pancèn mirasa tenan. Tahu digorèng setengah mateng terus dipress nganggo piring supaya banyune tahu ilang. Banjur tahu ditumpangké sandhuwuring lontong, njur disiram nganggo bumbu kacang kécap. Ning ndhuwuré maněh di wur-wuri kacang lan brambang gorèng. Sing kawentar ning Blora yaiku Tahu Lontong Yu Tun kang dhasar ing Depot Gajah, Alun alun Blora. Ing kutha-kutha liya uga ana sawatara kang dodol Tahu Lontong Blora, kaya ta ing Semarang Tahu Lontong Blora mas Aris ing dalan Citarum. Ing Jakarta ana Tahu Lontong / Sate Blora Agus kang bukak warung ning Klender lan Sate Blora Kalibata ing plataran TMP Kalibata. Yèn ing kutha Yogyakarta uga ana Tahu Lontong Blora Bu Puji kang bukak warung ning Baciro.
Lembarang. Lembarang mono éwoning janganan / sayuran kang bahan bakune iwak pitik / daging ayam. Bahan: Daging ayam, tewel, labusiem, lombok abang sakcukupe, brambang, bawang, tumbar, kunir, uyah, godong sereh, godong jeruk, santen, kemiri lan laos. Cara masaké: Bumbu-bumbu diulek nganti alus, saliyané godong serèh, godong jeruk, laos lan santen. Sawisé alus, nembé digongsèng nganggo lenga gorèng nganti mambu wangi. Daging ayam / Sayuran dicemplungké sawisé sauntara wektu, nembé dijogi santen. Sawisé daging ayamé empuk, nembé bisa di hidangké.[12]
Jajanan. Saliyané saté lan Soto, akèh panganan utawa jajanan kas Blora antarané: sangkolun, godrès, gandhos, iwel-iwel, moho, thathakriyak, dumbeg, pasung, cempura, horog-horog, grontol, gendar, gemblong, gendar, untir-untir, lepet jagung.
Krupuk Sarmiyer (Samiler). di gawé saka puhung, diprodhuksi paling akèh ana ing désa Wantilgung Kacamatan Ngawén. racaké diiderne gawé pikulan nyampek Suroboyo, Semarang, Malang lan liya-liyané. nanging paling akèh diiderne ana ing Suroboyo.
Jarak Antarané Kutha krajan Kacamatan ing Kabupatèn Blora (KM)
Katerangan liyané Kacamatan, Jati ...
Kacamatan
Jati
Randublatung
Kradenan
Kedungtuban
Cepu
Sambong
Jiken
Bagareja
Jepon
Blora
Banjarejo
Tunjungan
Japah
Ngawén
Kunduran
Todanan
Jati
12 KM
21 KM
26 KM
38 KM
44 KM
53 KM
58 KM
49 KM
43 KM
47 KM
50 KM
43 KM
34 KM
22 KM
38 KM
Randublatung
12 KM
9 KM
14 KM
26 KM
32 KM
41 KM
46 KM
37 KM
29 KM
35 KM
38 KM
50 KM
53KM
34 KM
50 KM
Kradenan
21 KM
9 KM
12 KM
24 KM
30 KM
50 KM
55 KM
46 KM
38 KM
44 KM
47 KM
59 KM
50 KM
43 KM
59 KM
Kedungtuban
26 KM
14 KM
12 KM
12 KM
18 KM
34 KM
47 KM
38 KM
43 KM
49 KM
52 KM
64 KM
55 KM
48 KM
64 KM
Cepu
38 KM
26 KM
24 KM
12 KM
6 KM
22 KM
35 KM
26 KM
34 KM
46 KM
43 KM
55 KM
46 KM
58 KM
74 KM
Sambong
44 KM
32 KM
30 KM
18 KM
16 KM
16 KM
29 KM
20 KM
28 KM
40 KM
37 KM
49 KM
40 KM
52 KM
68 KM
Jiken
53 KM
41 KM
50 KM
34 KM
22 KM
16 KM
13 KM
4 KM
13 KM
24 KM
21 KM
33 KM
24 KM
36 KM
52 KM
Bagareja
58 KM
46 KM
55 KM
47 KM
35 KM
29 KM
13 KM
9 KM
17 KM
9 KM
29 KM
38 KM
29 KM
41 KM
57 KM
Jepon
49 KM
37 KM
46 KM
38 KM
26 KM
20 KM
4 KM
9 KM
8 KM
20 KM
17 KM
29 KM
20 KM
32KM
48 KM
Blora
43 KM
29 KM
38 KM
43 KM
34 KM
28 KM
13 KM
17 KM
8 KM
12 KM
9 KM
21 KM
12 KM
24 KM
40 KM
Banjarejo
47 KM
35 KM
44 KM
49 KM
46 KM
40 KM
24 KM
9 KM
20 KM
12 KM
21 KM
15 KM
6 KM
18 KM
34 KM
Tunjungan
50 KM
38 KM
47 KM
52 KM
43 KM
27 KM
21 KM
29 KM
17 KM
9 KM
21 KM
22 KM
13 KM
25 KM
41 KM
Japah
43 KM
50 KM
59 KM
64 KM
55 KM
49 KM
33 KM
38 KM
29 KM
21 KM
15 KM
22 KM
9 KM
21 KM
13 KM
Ngawén
34 KM
41 KM
50 KM
55 KM
46 KM
40 KM
24 KM
29 KM
20 KM
12 KM
6 KM
13 KM
9 KM
12 KM
28 KM
Kunduran
22 KM
34 KM
43 KM
48 KM
58 KM
52 KM
36 KM
41 KM
32 KM
24 KM
18 KM
25 KM
21 KM
12 KM
16 KM
Todanan
38 KM
50 KM
59 KM
64 KM
74 KM
68 KM
52 KM
57 KM
48 KM
40 KM
34 KM
41 KM
13 KM
28 KM
16 KM
Tutup
Guwa Terawang. Guwa Terawang minangka obyèk wisata alam, dumadi saka endapan watu gamping (limestone), Pegunungan Kendheng Utara kang umuré udakara 11 yuta taun. Dumunung ana ing Désa Kedhungwungu, Keacamatan Todanan, tlatah alas KPH Blora, kurang luwih 35km sisih kuloné Kutho Blora. Guwa Terawang dawané kurang luwih 180 mèter lan jeroné 5-11 mèter ing ngisor lemah. Ing njeroné ana stalagmit lan stalagtit kang nyata éndah. Ing tlatah iki uga ana sawatara guwa liyané yaiku Guwa Kidang, Guwa Suru, Guwa Manuk lan sapunanggalané.
Waduk Bentolo. Waduk Bentolo dumunung ora pati adoh saka lokasi Guwa Terawang, yaiku ing Kacamatan Todanan. Waduk Bentolo minangka sumber irigasi kanggo sawah-sawah ing tlatah saubengé. Kajaba iku Waduk Bentolo uga dadi salah sawijiné obyek wisata lan lokasi Bumi Perkemahan Pancasona.
Waduk Tempuran. Waduk Tempuran minangka sarana irigasi, wisata alam lan sarana pembinaan ulah raga dayung. Masarakat saubengé uga nggunakaké Waduk Tempuran kanggo budidaya iwak karamba. Waduk iki dumunung kurang luwih 10km sisih lor étane Kutha Blora.
Waduk Grènèng. Waduk Grènèng ambané udakara 45 ha, dumunung ana ing Kacamatan Tunjungan, kurang luwih 12km lor kuloné Kutha Blora. Saliyané kanggo irigasi, waduk iki uga duwé fungsi kanggo miara iwak, pemancingan lan minangka obyèk wisata
Loko Tour. Loko Tur ngrupaaké pakèt wisata lelampahan kia-kira patang jam ing alas Cepu Blora nganggo sepur kang digèrèt lokomotip tuwa gawéan Berliner Maschinnenbaun Jerman taun 1928.
Pemandian Sayuran. Pemandian Sayuran dumunung kurang luwih 14km lor étané Kutha Blora. Sesawangan saka tlatah iki pancèn éndah lan hawané seger amarga kalebu tlatah pagunungan. Pemandian Sayuran uga dipirantèni pemandian kanggo anak-anak lan padhépokan kanggo para wisatawan.
Agro Wisata Temanjang. Obyek wisata iki dumunung ana ng tlatah alas jati 16km kidulé Kutha Blora. Laladan iki kawentar ana sawijining obyek wisata Dungmandur, wujud kedhung kang ora tau sat banyuné lan dikubengi déning sakèhé wit-witan. Ing obyek wisata Temanjang kéné uga ana panggonan kanggo nginep utawa tetirah.
Obyek Wisata Gunung Manggir. Arupa wisata alam pagunungan kang dumunung ing pebukitan Manggir, désa Ngumbul, Kacamatan Todanan, udakara 38km kuloné Guwa Terawang. Kayadéné Guwa Terawang, obyèk Gunung Manggir iki uga duwé guwa kang njeroné ana stalagtit stalagmit-é. Sak loré Guwa Manggir ana manèh Guwa Mangklih kang njeroné ana sendhangé.
Obyek Wisata Géologi. Wisata Géologi yaiku wisata alam utawa wisata ngèlmu kebumian kanthi obyek kang magepokan karo prosès géologi, contoné lenga patra lan gas bumi. Ing tlatah Kabupatèn Blora akèh sumur lenga patra kang diketemoaké déning BPM ing taun 1890. Saka kurang luwih 648 sumur mau 112 sumur isih ngasilaké lenga patra. Nganti saiki isih akèh sumur lenga patra tuwa kang di budidayaaké déning warga kanthi cara tradhisional.
Taman Budaya lan Kagunan Tirtonadi. Sawijining taman rekreasi ing tengah kutha Blora kang sanajan cilik nanging pepak saranané kaya ta bèji kanggo diwasa lan bocah cilik, panggung panglipur, kurungan manuk lan liya liyané. Taman Tirtonadi iki jaman biyèn tau dadi Kebun Kéwan kang ramé ditekani kulawarga, bocah-bocah cilik lan rumaja.
Pramoedya Ananta Toer tokoh budaya-(Blora, Jawa Tengah 2 Fèbruari 1925 — Jakarta 30 April 2006)