Rebo iku dina kapapat sajeroning kalèndher Jawa, sawisé Selasa lan sadurungé Kemis. Jeneng Rebo dijupuk saka basa Arab Arba'a kang tegesé papat. Jeneng liya kanggo dina iki yaiku Buda, kang dijupuk saka basa Sangskreta kang tegesé Mèrkurius, mèmper pangertèn sajeroning basa-basa ing Éropa. Ing basa-basa Roman jeneng iki asalé saka jeneng déwa Romawi Mercury: mercredi (basa Prancis), mercoledì (basa Italia), miércoles (basa Spanyol), miercuri (basa Romania), dimecres (basa Catalan), lan dies Mercurii (basa Latin). Sajeroning basa India jeneng dina Rebo iku Buddhavar, kang asalé saka jeneng Mercury ing basa Vedic: Buda. Buda uga dipigunakaké ing basa Urdu. Kanggo ngarani dina Rebo iki Ruslan ora nganggo jeneng pagan nanging nganggo jeneng: sredá, kang tegesé "tengah", mèmper karo jeneng basa Jerman Mittwoch. Déné ing basa Portugis jenengé quarta-feira, kang tegesé dina kapapat.

     

Deleng uga

Pranala njaba


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.