Formaldehida
From Wikipedia, the free encyclopedia
Senyawa kimia formaldehida (uga diarani metanal, utawa formalin), kalebu aldehida kanthi rumus kimia H2CO, senyawa iki dhapuré gas, utawa cuwèr kang dikenal kanthi jeneng formalin, utawa padhetan kang dikenal kanthi jeneng paraformaldehyde utawa trioxane.[1] Formaldehida sepisanan disintesis déning kimiawan Ruslan Aleksandr Butlerov nalika taun 1859, nanging diidhèntifikasi déning Hoffman nalika taun 1867.[1]
Formaldehida | |
---|---|
Jeneng Sistematis | Metanal |
Jeneng liya | formol, metil aldehida, oksida metilena |
Identifikasi | |
Nomor CAS | [50-00-0] |
Nomer RTECS | LP8925000 |
SMILES | C=O |
Sifat | |
Rumus molekul | CH2O |
Massa molar | 30,03 g·mol−1 |
Panampilan | gas ora mawa warna |
Densitas | 1 kg·m−3, gas |
Titik leleh |
-117 °C (156 K) |
Titik umob |
-19,3 °C (253,9 K) |
Kelarutan dalam air | > 100 g/100 ml (20 °C) |
Struktur | |
Wangun molekul | trigonal planar |
Momen dipol | 2,33168(1) D |
Bahaya | |
Bebaya utama | asifat racun, gampang kobong |
NFPA 704 | |
Frasa-R | R23/24/25, Cithakan:R34, Cithakan:R40, Cithakan:R43 |
Frasa-S | (S1/2), Cithakan:S26, S36/37, Cithakan:S39, S45, Cithakan:S51 |
Titik murub | -53 °C |
Senyawa kagandhèng | |
Aldehida kagandhèng | asetaldehidabenzaldehida |
Senyawa kagandhèng | ketonasem karboksilat |
Kajaba dinyatakaké suwaliké, data ing dhuwur lumaku ing kaanan standar (25 °C, 100 kPa) |
Lumrahé, formaldehida kadhapur amarga réaksi oksidasi katalitik kang ana ing metanol.[1] Mulané formaldehida bisa diasilaké saka pangobongan bahan kang ngandhut karbon lan ana ing pega nalika alas kobong, knalpot mobil, lan pega tembako.[1] Ing atmosfèr bumi, formaldehida diasilaké saka aksi cahya srengéngé lan oksigèn karo metana lan hidrokarbon liyané kang ana ing atmosfèr.[1] Formaldehida ing kadhar kang cilik uga diasilaké minangka metabolit organisme, kalebu manungsa.[1]