Virgil van Dijk

juru main bal-balan saka Walanda From Wikipedia, the free encyclopedia

Virgil van Dijk
Remove ads

Virgil van Dijk yaiku salah sawijining pemain bal-balan kang asalé saka nagara Walanda lan bélani klub Liverpool FC. Dhèwèké lair ing kutha Breda surya ping 8 Juli taun 1991, van Dijk duwé dedeg piadeg 193 cm saiki kadhapuk minangka bèg kang paling larang nomer loro sadonya sawise Harry Maguire, senadyan mengkono van Dijk isih kapilih dadi salah siji bèg kang paling apik ing jaman bal-balan modèrn saiki sawisé gabung ing klub Liverpool wiwit taun 2018. Pemain kang duwé tenaga ngédab-édabi iki duwé kaluwihan isa maca permainan (reading the game) kanthi fisiké kang rosa. Labuh labeté van Dijk kanggo Liverpool yaiku bisa ngrengkuh gelar juwara Liga Champions ing taun 2019, gelar kang kaenem kanggo Liverpool minangka gelar sepisané ing pagelaran gedhe tanah Éropa. Menang kalawan Tottenham Hotspur ing kutha Madrid ngamanke gelar sepisan kanggo van Dijk kang mung ora main lawasé 35 menit ing ngisor arahané pelatih Jürgen Klopp. Pemain kang duwé nomer geger 4 kasebut kasil bisa menangaké bebungah PFA Player of the Year saka asosiasi bal-balan Inggris lan kalebu ing dhaftar pemain paling apik ing musim 2018/19. Dhèwèké bisa main sacara konsistèn sedawané musim ing lèvel paling dhuwur kompetisi bal-balan Éropa. Van Dijk miwiti karire saka klub Eredivisie Liga Walanda yaiku Willem II, FC Groningèn, Glasgow Celtic, lan Southampton FC sadurungé dituku déning Liverpool.[1][2][3]

Sunyata Rikat Katrangan priangga, Jeneng dawa ...
Remove ads

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads