Jürgen Klopp

From Wikipedia, the free encyclopedia

Jürgen Klopp

Jürgen Norbert Klopp (pangucap cara Jerman: [ˈjʏɐ̯ɡn̩ ˈklɔp]; miyos tanggal 16 Juni 1967) inggih punika satunggaling manajer bal-balan saking negri Jerman lan tilas juru main bal-balan profésional ingkang samenika dados manajer utawi pelatih tim Liverpool F.C. ing Liga Primer Inggris.[1] Klopp nelasaken sapérangan ageng kariripun ing klub bal-balan Mainz 05 dangunipun ngantos 15 taun.[2] Klopp ugi dados manajer ing tim Mainz 05 saking taun 2001 ngantos dumugi 2008, wekdal punika klub Mainz 05 kasil nggayuh promosi ing Bundesliga.[2] Wekdal taun 2008, Klopp ndherek gabung klub Borussia Dortmund, lan kasil nggayuh kamenangan Bundesliga taun 2011 lan 2012, sarta DFB-Pokal ing taun 2012, DFL-Supercup ing taun 2013 lan 2014, lan mlebet final wonten UEFA Champions Final Liga pada 2013.[2] Klopp ugi menang dados manajer bal-balan ingkang saé piyambak Jerman ing taun 2011 lan 2012[3], saderengipun nilaraken Dortmund ing taun 2015.[4] Klopp nglatih Dortmund wiwit taun 2008.[5] Klopp sampun mandhegani 309 pertandhingan Dortmund kanthi prosentase kamenangan ngantos 56,63 persen.[5] Klopp dados manajer Liverpool ing wulan Oktober 2015, lan kasil mbekta Liverpool dumugi final Piala Liga lan UEFA Europa League ing mangsa wiwitan nglatih.[2]

Sunyata Rikat Katrangan priangga, Jeneng dawa ...
Jürgen Klopp
Thumb
Katrangan priangga
Jeneng dawa Jürgen Norbert Klopp
Tanggal lair (1967-06-16) 16 Juni 1967 (umur 57)
Papan lair Stuttgart, Jerman Barat
Dhuwur 1.94 m (6 ft 4 12 in)
Posisi main
  • Striker
  • Defender
Katerangan klub
Tim saiki
Liverpool (manajer)
Karir nom
1975–1983 SV Glatten
1983–1989 TuS Ergenzingen
Karir klub*
Taun Tim Main (Gul)
1987 1. FC Pforzheim 4 (0)
1987–1988 Eintracht Frankfurt II
1988–1989 Viktoria Sindlingen
1989–1990 Rot-Weiss Frankfurt
1990–2001 Mainz 05 337 (52)
Juru latih
2001–2008 Mainz 05
2008–15 Borussia Dortmund
2015-samenika Liverpool

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi.


Tutup

Karir klub

Klopp miyos ing Stuttgart[6], ibukutha negara bagéan Baden-Württemberg, lan ageng ing désa Black Forest Glatten sacaketipun Freudenstadt. Klopp gadhah kalih sadhèrèk èstri.[6] Klopp miwiti kariripun kanthi ndhèrèk klub TuS Ergenzingen minangka juru main junior, kanthi tugas ing FC Pforzheim lan salajengipun ing tigang klub Frankfurt, Eintracht Frankfurt II, Viktoria Sindlingen lan Rot-Weiss Frankfurt, ing mangsa enèmipun.[7] Wekdal taun 1990, ing pertandhingan play-off mengsah Rot-Weiss Frankfurt mengsah Mainz 05 kanggé promosi dhateng Bundesliga, Klopp pikantuk gati manajer Mainz lan dipuntapakasmani déning pihak Mainz 05.[8] Klopp ngemban sapérangan ageng karir profesionalipun ing Mainz 05, saking taun 1990 ngantos taun 2001.[8] Wiwitanipun dados striker lan nglebetaken 52 gol kanggé klub Mainz 05.[8]

Karir Manajer

Wiwitan Karir

Kala taun 1988, panjenenganipun wonten ing universitas lan ngemban main kanggé Eintracht Frankfurt non-profésional, panjenenganipun nglatih Frankfurt D-Juniors U-10.[9]

Mainz 05

Sasampunipun pensiun ing klub Mainz 05, Klopp dipundhawuhi dados manajer klub wekdal tanggal 27 Februari 2001 sasampunipun dipunpecat déning Eckhard Krautzun.[10] Pertandhingan kapisan Mainz saged menang 1-0 mengsah MSV Duisburg.[11] Panjenenganipun dados manajer sadangunipun pitung taun, ing wekdal punika Klopp saged kasil mromosikaken Mainz 05 dhateng Bundesliga, lan lolos dhateng Piala UEFA 2005-2006.[12] Ing pungkasaning mangsa 2006-2007, Mainz 05 dipundhégradhasi, nanging Klopp tetep ing klub wau.[13] Nanging, amargi mboten saged kasil nggayuh promosi, Klopp lajeng medal saking klub Mainz 05 ing pungkasaning mangsa 2007-2008.[14] Kanthi cathetan 109 kamenangan, 78 asil imbang, lan 83 kawon.[15]

Borussia Dortmund

2008-2012

Thumb
Klopp ing Borussia Dortmund taun 2010

Wekdal wulan Mèi 2008, Klopp dipuncaketi kanggé dados manajer enggal Borussia Dortmund, lajeng napakasmani kontrak kalih taun ing klub wau. Wekdal punika Dortmund ing posisi ingkang nguciwani wekdal dipunmanajeri Thomas Doll.[16] Ing mangsa kawitan tugas, Klopp mandhegani Borussia Dortmund kanggé menangaken DFB-Supercup, ngawonaken juwara Jèrman Bayern Munich.[17]

Klopp kasil mbekta klub kasebat ing posisi kaping enem ing mangsa kawitan nglatih, lan finish ing posisi ka-5 ing mangsa salajengipun.[18] Klopp kasil mimpin klub kasebat nggayuh juwara Bundesliga taun 2010-11[19], lan mangsa 2011-12.[20]

Wekdal musim Bundesliga 2011-12, Borussia Dortmund saged ngempalaken 81 poin [21] kalebet poin paling ageng ing sejarah Bundesliga lan 47 poin ingkang dipunkempalaken ing paruh kaping kalih ing musim ugi nyithak rekor enggal.[22] Kamenangan 25 liga Borussia Dortmund saged sami kaliyan Bayern Munich ing taun 1972-73, sawetawis ing urutan kaping 28 pertandhingan liga mboten saged dipunkalahaken menika kalebet ingkang saé piyambak ingkang sampun kav=cathet wonten ing setunggal musim pertandhingan ing Jerman.[23] Cacahipun poin kanggé sedaya musim lan paruh kaping kalih musim menika, lan cacahipun rekor kemenangan ingkang dipuntetepaken utawi sami kaliyan Borussia Dortmund ing musim 2011-12 dipunpecahaken dening Bayern Munich ing musim 2012-13.[24] Dortmun kecalan Piala Super Jerman ing taun 2011.[25] Wekdal tanggal 12 Mei 2012, Klopp damel sejarah Borussia Dortmund kanthi kamenangan dobel ing liga domestic, kanthi ngalahaken Bayern Munich 5-2 ing final DFB-Pokal 2012.[26] Klopp nggambaraken kamenangan kasebat minangka “langkung saé saking ingkang dipunbayangaken”.[27][28]

Liverpool

2015-samenika

Thumb
Klopp ing Liverpool taun 2017

Tanggal 8 Oktober 2015, Klopp nyarujuki prajanjen tigang kanggé dados manajer Liverpool, nggantosi Brendan Rodgers.[20] Wekdal konferènsi kawitan, Klopp njuluki piyambakipun 'The Normal One' minangka parodi kanggé julukan 'The Special One' Jose Mourinho ingkang misuwur wekdal kawitan dados manajer Chelsea ing taun 2004.[29] Debut ingkang kapisan punika kasil nahan imbang 0-0 mengsah Tottenham Hotspur ing tanggal 17 Oktober 2015.[30] Tanggal 28 Oktober 2015, Klopp masthekaken kamenangan ingkang kawiwitan minangka manajer Liverpool mengsah Bournemouth ing Piala Liga kanggé ngrebat posisi perempat final.[31] Kemenangan salajengipun ing Liga Primer dumados tigang dinten salajengipun, kemenangan tandang 3-1 mengsah Chelsea.[32] Sasampunipun ambal kaping tiga imbang 1-1 ing pertandhingan pambuka Liga Èropah UEFA, Liverpool kasil ngawonaken Rubin Kazan kanthi skor kamenangan 1-0.[33] Kemenganan kapisan Klopp ing Eropah minangka menejer Liverpool.[34]

Ing tanggal 6 Februari 2016, piyambakipun mboten saged nglampahi pertandhingan Liga Primer kanggé nglampahi operasi usus buntu sasampunipun ngalami radang usus buntu.[35] Wekdal tanggal 28 Februari 2016, Liverpool kicalan final Piala FA 2016 ing Stadhion Wembley mengsah Manchester City 3-1 kanthi adu penalti.[36] Wekdal tanggal 17 Maret 2016, Klopp mbiyantu Liverpool majeng ing perempat final Liga Europa UEFA kanthi keklahan agregat Manchester United 3-1.[37] Ing 14 April 2016, Liverpool nglawan deficit 3-1 ing babak kaping kalih ing leg kaping kalih pertandhingan perempat final mengsah tilas klubipun Borussia Dortmund, lan menang 4-3, majeng ing babak semifinal UEFA Europa. Menang agregat 5-4.[38] Tanggal 5 Mei 2016, Kloop mbekta Liverpool dhateng final Eropa kapisan wiwit 2007 lan ngalahaken Villareal 3-1 sacara agregat ing semifinal Liga Europa UEFA.[39] Ing babak final mengsah Sevilla, kalah 1-3 kanthi Daniel Sturridge nyethak gol pambuka kanggé Liverpool ing babak kapisan.[40]

Tanggal 8 Juli 2016, Klopp lan staf pelatih napakasmani perpanjangan enem taun kontrak ing Liverpool ngantos 2022.[41] Tanggal 21 Mei 2017, Liverpool lolos dhateng Liga Champions ingkang kapisan wiwit taun 2014-15 sasampunipun menang 3-0 mengsah Middlesbrough lan finis ing posisi kaping sekawan ing Liga Utama 2016-2017.[42]

Karir Medhiya

Wekdal taun 2005, Klopp tampil minangka komentator ahli regular ing jaringan televise Jerman ZDF, paring panyaruwe babagan permainan tim nasional Jerman.[43] Piyambakipun nyambut damel minangka analis pertandhingan sadangunipun Piala Donya 2006, lan piyambakipun pikantuk Deutscher Fernsehpreis ing kategori pertunjukab olahraga ingkang saé piyambak ing wulan Oktober 2006, lan ugi Euro 2008.[44][45][46] Karir Klopp rampung sasampunipun kompetisi kasebat bibar, lan piyambakipun dipun gantos dening Oliver Kahn.[47] Wekdal Piala Donya FIFA 2010 ing Afrika Kidul, piyambakipun nyambet damel sarengan kaliyan RTL sesarengan Gunther Jauch.

Prestasi

  • 2011 Juara Bundesliga Jermas (Borussia Dortmund)
  • 2012 Juara Bundesliga Jerman (Borussia Dortmund)
  • 2014 Juara DFB Pokal (Borussia Dormund)
  • 2019 Juara Liga Champions Eropa (Liverpool)
  • 2019 Juara Piala Super Eropa (Liverpool)
  • 2019 Juara Piala Donya Antarklub FIFA (Liverpool)
  • 2020 Juara Liga Primèr Inggris (Liverpool)

Pranala njawi

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.