Tarmizi Taher

Pulitikus saking Indonesia From Wikipedia, the free encyclopedia

Tarmizi Taher

Dr. Tarmizi Taher (lair ing Padang, Sumatra Kilèn, 7 Oktober 1936; umur 88 taun) inggih punika Mantri Agami Indonésia périodhe 1993 ngantos dumugi 1998.[1][2] Sasampunipun lulus saking pendidikan dhokter ing Universitas Airlangga, Surabaya, panjenenganipun miwiti kariéripun saking TNI Angkatan Laut lan pensiun kanthi pangkat Laksamana Mudha.[1] Jabatan ingkang naté dipunjabat panjenenganipun ing lingkungan militér kalebet minangka Perwira Kaséhatan ing KRI Irian, Juru wicara Fraksi ABRI ing MPR, Kepala Dhinas Pambinaan Méntal TNI AL, lan Kepala Pusat Pembinaan Méntal ABRI.[1] Sanèsipun punika panjenenganipun ugi lulusan Sekolah Staf lan Komandho (Sesko) TNI AL lan naté sekolah ing US Navy (Angkatan Laut Amérikah Sarékat) ing babagan kaséhatan.[1]

Sunyata Rikat Mantri Agama Indonésia ke-15 Indonésia, Présidhèn ...
Tarmizi Taher
Thumb
Mantri Agama Indonésia ke-15 Indonésia
Linggih
17 Maret 1993  14 Maret 1998
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéMunawir Sjadzali
Kang sawiséQuraish Shihab
Rerincèn dhiri
Lair (1936-10-07) Oktober 7, 1936 (umur 88)
Padang, Sumatra Kilèn, Hindia Nèderlan
BangsaIndonésia
AgamaIslam
Tutup

Sasampunipun lulus saking militér, Tarmizi lajeng dipuntugasaken minangka Sekjen Dhepartemen Agami Républik Indonésia ngantos gangsal taun dangunipun, sadèrèngipun njabat mantri nalita taun 1993.[1] Nalika dados Mantri Agami, kalih inisiatif wigati ingkang naté dipunwontenaken inggih punika ngembangaken Siskohat (sistem komputerisasi haji terpadu) lan madhegaken Dana Abadi Umat (DAU).[1] Sasampunipun boten njabat mantri malih, Tarmizi naté njabat pinten-pinten kalungguhan kados dados utusan ageng kanggé Nurwègen lan Èslan.[1] Panjenenganipun pikantuk gelar Dhoktor Honoris Causa ing babagan dakwah déning Universitas Islam Negeri Syarif Hidayatullah, Jakarta.[1][2]

Kariér

-Perwira Kaséhatan ing KRI Irian, -Juru Wicara Fraksi ABRI ing MPR, -Kepala Dhinas Pambinaan Mental TNI Angkatan Laut, -Kepala Pusat Pambinaan Mental ABRI, -Sekjen Dhepartemen Agami Républik Indonésia ngantos 5 taun, -Mantri Agami Kabinet Pembangunan VI (1993-1998), -Utusan Ageng kanggé Nurwègen lan Èslan, -Ketua Umum Pimpinan Pusat Dewan Masjid Indonésia, -Rektor Universitas Islam Az Zahra, Jakarta [1]

Cathetan suku

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.