Nurwègen

nagara ing Eropa Lor From Wikipedia, the free encyclopedia

Nurwègen
Remove ads

Karajan Nurwègen (Basa Indhonésia: Norwegia) utawa Kongeriket Norge/Noreg sajeroning basa Nurwègen yaiku nagara Nordik ing Ujung Skandinavi pérangan pucuk kulon lan wewatesan karo Swèdhen, Finlan, lan Ruslan. Pasisirné kang dumunung ing Samodra Atlantik Lor minangka lokasi fyord kang misuwur. Svalbard lan Jan Mayen ana ing ngisor kadhaulatan Nurwègen dhedhasar Traktat Svalbard.

Sunyata Rikat Kongeriket NorgeKongeriket Noreg, Kuthagaralan Kutha paling gedhé ...
Remove ads

Géografi

Thumb
Reine, Lofoten, dilihat dari pucuk Reinebringen (Juni 2003).

Lansekap Nurwègen lumrahé kasar lan akèh gunung, katutup déning gletser, lan pinggir pasisir dawané punjul 83.000 km diwatesi déning fyord, lan uga pulo-pulo. Pérangan lor nagara iki uga kaloka minangka "Tanah Srengéngé Tengah Wengi" amarga pernahé kang dumunung ing sisih paling lor, lan saben mangsa panas srengéngé ora tau angslup, lan ing usum adhem srengéngé ora metu ing sajeroning wektu kang suwé. Nurwègen wewatesan karo Sagara Lor ing sisih kidul-kulon lan pulo-pulo Skagerrak ing sisih kidul, Sagara Nurwègen ing kulon, lan Sagara Barents ing lor-wétan. Ing sisih wétan Nurwègen wewatesan karo Swèdhen, lan uga karo Finlan, lan uga karo Ruslan. Titik paling dhuwur ing Nurwègen panggonan kang arané Galdhøpiggen yaiku dhuwuré watara 2.469 m. Iklim Nurwègen iklim temperat, mligi ing laladan pasisir amarga prabawa Gulf Stream. Iklim tanah pérangan jero luwih parah lan ing sisih lor luwih cedhak karo iklim subarktik.

Remove ads

Pulitik

Nurwègen iku nagara monarki konstitusional lan migunakaké sistem pamaréntahan parlementer. Parlemèné, Stortinget, duwé 169 anggota (sadurungé 165, tambah wiwit tangal 12 September 2005) kang dipilih kanggo mangsa kalungguhan 4 taun. Parlemèn iki kapérang loro sajeroning voting legislasi, Odelsting lan Lagting. Kejaba kanggo sawatara bab, Storting duwé fungsi minangka parlemèn unikameral.

Cathetan suku

Deleng uga

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads