From Wikipedia, the free encyclopedia
Salat id iku salat kang diayahi nalika mahargya dina riyaya Islam Idul Fitri lan Idul Adha. Salat id iku hukumé sunat, tegesé olèh pahala yèn ditindakaké nanging ora dosa yèn ditinggalaké. Salat iki sanadyan sunat nanging kaprayogakaké banget saéngga kaprayogakaké supaya diayahi lan ora ditinggalaké. Malah ana sawatara kang nganggep wajib tumrap wong lanang lan wadon kanthi dhasar hadis saka Ummu ‘Athiyah, panjenengané ngendika: أَمَرَنَا – تَعْنِى النَّبِىَّ-صلى الله عليه وسلم-– أَنْ نُخْرِجَ فِى الْعِيدَيْنِ الْعَوَاتِقَ وَذَوَاتِ الْخُدُورِ وَأَمَرَ الْحُيَّضَ أَنْ يَعْتَزِلْنَ مُصَلَّى الْمُسْلِمِينَ. “Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam mrintahaké marang kita nalika salat id (Idul Fithri lan Idul Adha) supaya ngetokaké para wanita (kang nembé ngancik diwasa) lan wanita kang dipingit, semono uga wanita kang pinuju haidh. Nanging panjenengané mrintahaké wanita kang pinuju haidh supaya ngadohi papan salat.[1]
|
Alesan wajibé salat id diandaraké déning Shidiq Hasan Khon (murid Asy Syaukani).
Adegaké salat lan anakakéqurban (an nahr). (QS. Al Kautsar: Maksud ayat iki yaiku préntah supaya ngayahi salat id.
Salat Idul Fitri lumrahé dianakaké ing lapangan. Déné ukum Salat Idul Fitri yaiku sunat mu'akkad. Sadurungé salat, kaum muslimin ngumandhangaké takbir.
Takbir dikumandangaké sawisé teka sasi Syawal. Saliyané ngayahi Salat Sunat Idul Fitri, kaum muslimin uga diwajibaké bayar jakat pitrah[3][4] kang akèhé saben wong 2,7 kilogram bahan panganan pokok. Tujuan sakai jakat pitrah iki kanggo andum kabegjan marang para fakir miskin. Sawisé salat disunnahaké midhangetaken kutbah kang diterusaké maca donga. Sawisé rampung, kaum muslimin banjur padha salaman silih apura siji lan sijiné. Kadhangkala ana kang diterusaké ngayahi ziarah kubur.[5]
Tradhisi kang biyasa dilakoni ing Indonésia saben ngadhepi dina dina Iedul Fitri yaiku wujud silaturahmi marang wong tuwa lan sanak kadang liyané. Kanggo kaperluan silaturahmi lan njaluk ngapura marang wong tuwa iki banjur akèh wong kang mulih menyang kampung asalé kang kerep ingaran acara mudik. Tradhisi mudik iki njalari dalan-dalan banjur dadi macet. Tradhisi liya kang lumrah yaiku mangan kanthi menu utama wujud kupat kang lumrahé nganggo lawuh opor utawa jangan lodhèh.
Salat Iedul Fitri diayahi rong rakangat. Ing rokaat pisanan sawisé takbiratul ihram ditambah takbir kaping pitu, lan ing rakangat kapindho takbir kaping lima. Ing antarané takbir mau kaprayogakaké maca hamdallah, muji Allah lan shalawat marang Muhammad S.A.W. Sawisé takbir tambahan, imam salat maca ta’awudz, surat Al Fatihah banjur maca surat Kuran kanthi kombinasi:
Tatacara sabanjuré padha karo ing salat-salat liyané. Sawisé rampung salat Idul Fitri kaprayogakaké ngrungokaké kutbah.
Adab-adab salat Idul Fitri:
Wacan takbir yakuwi:
Arab | Latin | Pertalan |
---|---|---|
الله أكبر الله أكبر الله أكبر | Allahu akbar, Allahu akbar, Allahu akbar | Allah Maha Agung, Allah Maha Agung, Allah Maha Agung |
لا إله إلا ال | la ilaha illa Allah | Ora ana Gusti kajaba Allah |
الله أكبر الله أكبر | Allahu akbar, Allahu akbar | Allah Maha Agung, Allah Maha Agung |
ولله الحمد | wa li-illahi al-hamd | Kabèh puji mung marang Allah |
Salat Idul Adha iku salat sunat rong rokaat ing dina riyaya Idul Adha utawa Idul Qurban. Tatacarané amèh padha karo salat Idul Fitri, amung ana sawatara prabédan yaiku nalika mangkat tumuju papan shlat Iedul Fitri disunnataké mangan dhisik déné yèn arep mangkat salat Iedul Adha ora mangan dhisik.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.