Imam (Islam)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Imam (Basa Arab إمام Imām) iku pemimpin komunitas agama Islam. Pemimpin Islam lan hirarki kapemimpinané ingaran Imamah. Sajeroning Islam Imam lan Imamah minangka siji bab kang kudu ana. Ing kalangan Sunni, kalimat imam sinonim karo kalimat Khalīfah.[1] Sajeroning kaanan liya tembung Imam uga bisa duwé makna pemimpin Salat jamaah sadina-dina.
Bagéyan saka sèri Islam
| |
Fiqih | |
Ahkam | |
Gelar cendekiawan | |
|
Pangertèn Imam kang magepokan karo kapemimpinan umat sepisanan disandhang déning Imam Ali. Ali yaiku putra Abu Thalib, paman Rasulullah Muhammad. Sapungkuré Rasulullah, Ali kang dadi Imam tumrap umat Islam kanthi sakabèhané. Sabanjuré, imamah diasta déning para putra Ali yakuwi:
- Hasan bin Ali
- Husain bin Ali
- Ali bin Husain
- Muhammad bin Ali
- Ja'far bin Muhammad
- Musa bin Ja'far
- Ali bin Musa
- uhammad bin Ali
- Ali bin Muhammad
- Hasan bin Ali
- Muhammad bin Hasan
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.