From Wikipedia, the free encyclopedia
Séndhok yaiku piranti kanggo mangan. Sendhok lumrahé digunakaké kanthi pasangan karo garpu.[1] Séndhok duwé wujud oval utawa bunder rada lonjong, nanging séndhok duwé gowakan ing tengahé.[1] Gowakan iki gunané kanggo wadhah panganan kang bakal dicidhuk.[1] Saliyané duwé bunderan rada lonjong ing sisih liyané sendhok duwé gagang.[1] Gagang séndhok gunané kanggo nyekeli nalika séndhok lagi dianggo.[1] Ing Indonésia séndhok lumrahé dicekel ing tangan tengen kanggo njupuk panganan saka piringutawa mangkok.[1] Séndhok kanggo njupuk panganan banjur lebokaké ing cangkem.[1] Déné tangan kang kiwa nyekeli garpu. Garpu duwé fungsi kanggo mbiyantu nglebokaké lan nata panganan ing séndhok.[1] Séndhok bisa digawé saka logam.[1], nanging uga kena digawé karo matèri utawa bahan liyané. Nalika jaman biyèn séndhok digawé saka kayu.[1] Saliyané iku ana uga séndhok kang digawé saka plastik.[1] Séndhok uga kena kanggo terapi. Terapi iki gunané kanggo kaséhatan.[2]
Tembung séndhok lumrahé duwé teges séndhok kang kanggo mangan.[1] Nanging saliyané iku ana jinis sèndhok liyané.[1] Jinis sèndhok iki dibagi miturut gunané sèndhok.[1]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.