![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/32/Dessert_Spoon.jpg/640px-Dessert_Spoon.jpg&w=640&q=50)
Séndhok
From Wikipedia, the free encyclopedia
Séndhok yaiku piranti kanggo mangan. Sendhok lumrahé digunakaké kanthi pasangan karo garpu.[1] Séndhok duwé wujud oval utawa bunder rada lonjong, nanging séndhok duwé gowakan ing tengahé.[1] Gowakan iki gunané kanggo wadhah panganan kang bakal dicidhuk.[1] Saliyané duwé bunderan rada lonjong ing sisih liyané sendhok duwé gagang.[1] Gagang séndhok gunané kanggo nyekeli nalika séndhok lagi dianggo.[1] Ing Indonésia séndhok lumrahé dicekel ing tangan tengen kanggo njupuk panganan saka piringutawa mangkok.[1] Séndhok kanggo njupuk panganan banjur lebokaké ing cangkem.[1] Déné tangan kang kiwa nyekeli garpu. Garpu duwé fungsi kanggo mbiyantu nglebokaké lan nata panganan ing séndhok.[1] Séndhok bisa digawé saka logam.[1], nanging uga kena digawé karo matèri utawa bahan liyané. Nalika jaman biyèn séndhok digawé saka kayu.[1] Saliyané iku ana uga séndhok kang digawé saka plastik.[1] Séndhok uga kena kanggo terapi. Terapi iki gunané kanggo kaséhatan.[2]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/32/Dessert_Spoon.jpg/640px-Dessert_Spoon.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e9/Cucchiai_Pompei.jpg/640px-Cucchiai_Pompei.jpg)