From Wikipedia, the free encyclopedia
Bèbèk uga dikenal kanthi sesebutan itik ing basa Indonésia. Saka Amérika Lor kang asalé saka bèbèk alas (Anas Moscha) utawa Wild mallard[1] Saka daya tahan awaké, bèbèk duwé daya tahan awak kang luwih kuwat saka serangan lelara tinimbang jinis unggas liyané.[2] Endhog utawa dagingé bèbèk duwé gizi kang akèh sanget lan ora kalah karo endhog utawa daging pitik.(Djarijah, Abbas Siregar. 1996. Usaha Ternak Itik. Yogyakarta: Kanisius. Hal. 9) Endhog bèbèk ngandhut 20,5% protéin lan 12% lemak.[3] Saliyané mupangat mau, endhog bèbèk uga bisa kanggo olahan endhog asin, martabak, lan campuran jamu.[2]
Bèbèk | |
---|---|
salah satu spésies bèbèk | |
Status konsèrvasi: Aman | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Anseriformes |
Famili: | Anatidae |
Subfamilia | |
Dendrocygninae
Oxyurinae
Anatinae
Merginae |
Kasifikasi bèbèk, miturut tipene diklompokake ana telung golongan:[4]
Miturut jinisé, lelara bèbèk dibédakaké dadi rong golongan:[5]
1.Lelara ora nular. Lelara iki disebabake amarga keracunan, kasehataan lan kebersihaan kang kurang, kurang vitamin uga mineral,lan sapiturute. Kang kalebu lelara bèbèk kang ora nular:
2.Lelara kang bisa nular Lelara nular ing bèbèk disebabake amarga virus, bakteri lan kuman kang bisa ditularake liwat kontak langsung utawa liwat angin. Kang kalebu lelara bèbèk kang bisa nular kaya ta: