From Wikipedia, the free encyclopedia
Préfèktur Iwate (岩手県 Iwate-ken?) inggih punika satunggaling prefektur Jepang ingkang mapan wonten ing Wewengkon Tohoku, Pulo Honshu, Jepang [1]. Kutha krajanipun punika Morioka [2].
Lambang Iwate | |
Kutha krajan | Morioka |
Wewengkon | Tohoku |
Pulau | Honshu |
Jembar wewengkon | 15.278,40 km² (11) |
Penduduk | 1.416.180 (30) |
-Kepadatan | 93/km² |
Distrik | 11 |
Kotamadya | 35 |
Situs resmi | www.pref.iwate.jp/english/ Archived 2007-02-05 at the Wayback Machine. |
Rumiyin Iwate punika péranganing Provinsi Mutsu lan dados péranganing kamaharajan nalika taun 800. Nalika periode Jomon prefektur punika kalebet wewengkon ingkang kathah pemancingan lan perburuan. Wewengkon punika ugi dinggèni déning Suku Emishi ing Dataran Rendah Kitakami. Suku Emishi ingkang dipuntarjemahaken minangka "kodhok barbar" utawi "urang barbar" wonten ing bahasan literatur kontemporèr gesang tanpa panjajahan mawi basa ingkang béda, saged ugi varian saking Basa Jepang Tua utawi Ainu. Suku mau kawéntar amargi karakter ingkang rikat muring lan wantun sanget nalika perang. Boten dipunmangertosi menapa suku mau leres boten naté dipunjajah, nanging wonten prakiraan bilih suku mau kalebet salah satunggal suku ingkang nyawiji ing ngandhaping satunggaling kraton. Prakiraan paling ageng punika bilih Suku Emishi aktif nglampahi panyadéan kaliyan Nara lan Kyoto. Wonten ingkang ngandharaken bilih perdagangan punika kalebet bebungah lan minangka walesan dipunparingi gaman. Suku Emishi punika ternak jaran, tani beras, nambang emas, damel piranti saking wesi, lan nyadé piranti impor. Jaran gadhah Suku Emishi langkung ageng tinimbang jaran pundi kemawon ingkang wonten ing Jepang, dipunprakirakaken asalipun saking njawi nagari. Suku Emishi ugi gadhah gayutan kaliyan Shina lan Koréa.
Prefektur Iwate madep ing Samodra Pasifik ing sisih wétan lan winatesan kaliyan Prefektur Aomori ing sisih lor, Prefektur Akita ing sisih kulon, lan Prefektur Miyagi ing sisih kidul. Prefektur punika gadhah pagunungan ing pérangan kulon, lor, lan wétan mawi lembah Lèpèn Kitakami ingkang mili saking lor mangidul ngliwati pérangan tengan Prefektur Iwate lan kalebet kutha krajanipun. Pasisirnipun curam sanget lan kathah watu ugi kalebet tlatah alit ing antawisipun pagunungan lan sagara.
Wonten 14 kutha ingkang wonten ing Prefektur Iwate, inggih punika ;
|
|
Ing ngandhap punika kalebet kutha alit lan désa ing saben distrik.
|
|
|
Industri ing Iwate musat ing kiwa-tengené Morioka babagan semikonduktor lan manufaktur komunikasi.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.