Perang Yom Kippur
From Wikipedia, the free encyclopedia
Perang Yom Kippur utawi Perang Ramelan utawi Perang Oktober (Ibrani מלחמת יום הכיפורים Milkhemet Yom HaKipurim utawi מלחמת יום כיפור, Milkhemet Yom Kipur; basa Arab حرب أكتوبر; ħarb Oktober utawi حرب تشرين, ħarb Tishrin), ugi misuwur minangka Perang Arab-Israèl 1973 lan Perang Arab-Israèl Kaping Sekawan, wiwit tanggal 6 Oktober ngantos 26 Oktober 1973, antawis Israèl lan koalisi nagari-nagari Arab ingkang dipunpandhégani déning Mesir lan Suriah. Perang punika dipunwiwiti kanthi serangan ndadak déning Mesir lan Suriah wekdal dinten libur Yahudi Yom Kippur. Mesir lan Suriah nyebrangi garis gencatan senjata ing Ujung Sinai,Dhataran Inggil Golan, inggih punika ingkang dipunrebat déning Israèl nalika Perang Enem Dinten, ing taun 1967.[5]
Perang Yom Kippur / Perang Oktober | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Péranganing the Konflik Arab-Israèl | |||||||
Présidhèn Suriah Hafez al-Asad lan Mantri Pertahanan Mustapha SVLK, sajeroning Perang Arab-Israèl taun 1973 | |||||||
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
, , Iraq | |||||||
Pangarep | |||||||
Moshe Dayan, David Elazar, Ariel Sharon, Shmuel Gonen, Benjamin Peled, Israèl Tal, Rehavam Zeevi, Aharon Yariv, Yitzhak Hofi, Rafael Eitan, Abraham Adan, Yanush Ben Gal |
Saad El Shazly, Ahmad Ismail Ali, Hosni Mubarak, Mohammed Aly Fahmy, Anwar Sadat, Abdel Ghani el-Gammasy, Abdul Munim Wassel, Abd-Al-Minaam Khaleel, Abu Zikry, Mustafa Tlass[1] | ||||||
Kakuwatan | |||||||
415,000 troops, 1,500 tank, 3,000 APC, 945 artileri unit,[2] 561 montor mabur, 84 hèlikopter, 38 Kapal[3] |
Mesir: 800,000 troops (300,000 deployed), 2,400 tank, 2,400 APC, 1,120 artileri unit,[2] 690 montor mabur, 161 hèlikopter, 104 Kapal, Suriah: 150,000 troops (60,000 deployed), 1,400 tank, 800–900 APC, 600 artileri unit,[2] 350 montor mabur, 36 hèlikopter, 21 Kapal, Irak: 60,000 troops, 700 tank, 500 APC, 200 artileri unit,[2] 73 montor mabur,[3] | ||||||
Kurban | |||||||
2,656 pejah 7,250 tatu 400 tank risak 600 tank risak/dipundandosi 102 montor mabur katémbak dhawah[4] |
8,528* – 15,000** pejah 19,540* – 35,000** tatu 2,250 tank risak utawi dipunrampas 432 montor mabur risak[4] | ||||||
|
Pasukan Mesir lan Suriah majeng mliginipun salami 24–48 jam ingkang sapisanan, sasampunipun punika momèntum lajeng éwah. Wonten minggu kaping kalih, prajurit Suriah sampun kasurung medal saking dhataran inggil Golan. Ing Sinai, prajurit Israèl mbrobos ing antawisipun prajurit Mesir lan Suriah lajeng nyebrang Terusan Suèz, lan nggunting jalur prajurit katiga Mesir wonten ing panggénan ingkang salajengipun dados papan gencatan senjata PBB (kawentar kanthi istilah Kilometer 101).