Wétan Tengah
aran geopulitik kanggo nagara-nagara ing sawatara Asia Kulon lan Afrika Lor / From Wikipedia, the free encyclopedia
Wétan Tengah (Indonésia: Timur Tengah) punika satunggal wewengkon ingkang kanthi pulitis lan budaya dados péranganing bawana Asia, utawi Afrika-Eurasia. Puser saking wewengkon punika inggih dharatan ing antaraning Laut Mediterania lan Lempongan Pèrsi sarta wewengkon saking Anatolia, Jazirah Arab dumugi Ujung Sinai. Kadhangkala dipunsebataken ugi area punika ngambah wewengkon saking Afrika Utara ing sisih kilèn dumugi Pakistan ing sisih wétan lan Kaukasus lan/utawi Asia Tengah ing sisih lèr. Medhia lan sapérangan organisasi internasional (kados PBB) limrahipun nganggep wewengkon Wétan Tengah punika wewengkon Asia Kidul-kulon (kalebet Siprus lan Iran) dipuntambah kaliyan Mesir.
Wewengkon kasebat njangkep sapérangan golongan suku lan budaya kalebet suku Iran, suku Arab, suku Yunani, suku Yahudi, suku Berber, suku Assyria, suku Kurdi lan suku Turki. Basa mliginipun inggih punika: basa Pèrsi, basa Arab, basa Ibrani, basa Assyria, basa Kurdi lan basa Turki.
Kathahipun sastra kilèn ndhefinisiaken "Wétan Tengah" punika nagari-nagari ing Asia Kidul-kulon, saking Iran (Pèrsi) tumuju Mesir. Mesir kaliyan ujung Sinai ingkang wonten ing Asia limrahipun dipunanggep dados péranganing Wétan Tengah, éwadéné sapérangan ageng wewengkon nagari punika kanthi géografi wonten ing Afrika Lèr.
Kawit tengahing abad kaping 20, Wétan Tengah sampun dados punjer dumadosipun prastawa-prastawa donya, lan dados wewengkon ingkang sénsitif sanget, inggih saking segi kstrategisan lokasi, pulitik, ékonomi, kabudayan lan agami. Wétan Tengah ndarbèni cadhangan lenga mentah ingkang ageng cacahipun lan dados panggénan kalairan lan punjer spiritual agami Yahudi, Kristen lan Islam.