Resolusi Déwan Kaamanan PBB nomer 338
From Wikipedia, the free encyclopedia
Resolusi 338 utawa jangkepé Resolusi Déwan Kaamanan PBB nomer 338 iku sawijining resolusi sing diwetokaké déning Déwan Kaamanan PBB tanggal 22 Oktober taun 1973 sing diusulaké déning Amérika sarékat bebarengan karo Uni Sovyet kanggo mayungi gencatan senjata konflik ing Wétan Tengah kang dikenal minangka Perang Yom Kippur, Perang Oktober utawa Perang Ramelan. Resolusi sing isiné telung pasal iku wiwit efektif rolas jam sawisé diumumaké.