![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/ab/Nanakusa_gayu_on_Nanakusa_no_sekku.jpg/640px-Nanakusa_gayu_on_Nanakusa_no_sekku.jpg&w=640&q=50)
Nanakusa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Nanakusa (七草, Nanakusa? pitung suket) inggih punika tradisi nalika énjing ing tanggal 7 Januari ing Jepang kanggé nedhi bubur saking beras kacampur 7 jinis janganan ingkang dipunwastani bubur nanakusa [1] (nanakusa-gayu). Sadèrèngipun kalender Grégorius dipun-ginakaken wonten ing Jepang, tanggal 7 wulan kapisan dipunwastani Jinjitsu (人日, Jinjitsu? hari orang) utawi Nanakusa no sekku (七草の節句, Nanakusa no sekku?) ingkang kalebet salah satunggal saking 5 karaméan mangsa (sekku) ing satunggal taun miturut tradisi kalender Tionghoa. Bubur nanakusa dipundhahar supados damel weteng ngaso bibar taun énggal ing Jepang dipunisi kaliyan lauk-pauk masakan osechi ingkang kathahipun wujud janganan. Kajawi punika, bubur nanakusa dipunpitadosi nebihaken tiyang saking gerah pilek lan manéka jinis lelara. Ing Jepang asring dipunwontenaken adicara dhahar bubur sesarengan nalika 7 Januari.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/ab/Nanakusa_gayu_on_Nanakusa_no_sekku.jpg/640px-Nanakusa_gayu_on_Nanakusa_no_sekku.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/79/The_seven_herbs.jpg/640px-The_seven_herbs.jpg)