Bubur
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bubur yaiku istilah umum tumrap panganan ingkang awujud campuran bahan padhet lan cuwèr, kanthi komposisi kang cuwèr luwih akèh. Sajeroning bab panganan, bubur ateges panganan lembèk kang digawé saka bahan beras, glepung, glepung kanji, tela, kacang-kacangan, lsp kang digodhog.[1]