Luna Maya
From Wikipedia, the free encyclopedia
Luna Maya lair ing Denpasar, Bali tanggal 26 Agustus 1983.[1] Luna Maya dadi aktris sinétron lan filem layar lebar Indonesia.[1] Dhèwèké ngrintis karir saka modhél iklan lan catwalk.[1]
Luna Maya | |
---|---|
![]() | |
Lair | (1983-08-26) Agustus 26, 1983 (umur 40) Denpasar, Bali, Indonesia |
Bangsa | Indonesia |
Pakaryan | Artis, Model, Penyanyi |
Luna Maya ngrintis kariré saka modhél.[1] Dhèwèké main filem ing taun 2004 dadi peran pendukung ing filem 30 Hari Mencari Cinta.[1] Ing filem iki, Luna dadi Barbara, prawan ayu kang dadi idhem-idhemané saben wong lanang.[1] Iki dadi peran kang sepisanan Luna Maya dadi tokoh antagonis.[1] Sawisé iku Luna Maya main ing filem Brownies ing taun 2005.[1] Ing filem kang dicekel sutradara Hanung Bramantyo iki Luna mung dadi peran pendukung.[1] Peran utama Luna Maya nalika dadi Mina ing Bangsal 13 ing taun 2005.[1] Jeneng Luna Maya sang saya misuwur ing jagad hiburan Indonésia.[1] Saliyané filem iku luna uga main ing filem Cinta Silver lan digosipake duwé gayutan karo Ariel, vokalis grup musik Peterpan.[1] Sawisé Cinta Silver, Luna éntuk penghargaan ing nominasi ing ajang filem nasional kalebu Festival Film Indonésia.[1] Saliyané ing layar lebar Luna uga éksis dadi bintang sinétron lan iklan kaya ta Lux, Zestea, Sarimi, Vitalong C, XL, Bu Krim Detergen, Toshiba, lan liya-liyané.[1] Prestasi-prestasi mau maragaké Luna dipilih dadi salah sijiné kang nggawa obor ing ajang Olimpiade 2008.[1] Ora mung akting, ing donyaning modhél uga dilakoni Luna.[1] Karo Dewi Sandra, lan Sandra Dewi, Luna mèlu nyanyi ing lagu kang dadi téma Euro 2008 kang judhulé Play.[1]
Luna Maya uga nyanyi kanthi kolaborasi karo Dide, vokalis band Hijau Daun.[1] Dhèwèké nyanyi lagu kang judhulé Suara (Ku berharap) nduwékké HIjau Daun.[1]