Indhonésia
nagara ing Asia Kidul-Wétan / From Wikipedia, the free encyclopedia
Indhonésia, resminé Républik Indhonésia (basa Indhonésia: Republik Indonesia), iku sawijining nagara berdaulat transkontinéntal dumunung mligi ing Asia Kidul-Wétan karo sawatara tlatah ing Oséania. Dumunung ing antarané Samodra Hindia lan Pasifik, iku nagara kapuloan gedhé dhéwé ing donya, kanthi punjul telulas èwu pulo.[10][11] Indhonésia nduwé kira-kira populasi liwat 258 yuta wong lan nomer papat nagara paling akèh populasiné ing donya, nagara Austronésia paling akèh populasiné, uga nagara mayoritas Muslim paling akèh populasiné. Pulo paling padhet sa donya Jawa ngandhut punjul setengah saka populasi.
Aksara Latin |
Républik Indhonésia Republik Indonesia | |
---|---|
Motto: "Bhinneka Tunggal Ika" (Basa Jawa Kuna) "Séjé-séjé nanging ajeg manunggal" Idhéologi nasional: Pancasila[1][2] | |
Gunagita: 'Indonesia Raya "Indhonésia Agung" | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Jakarta |
Jawatbasa |
|
Agama | Resmi:[a] Islam Protèstan Katulik Hindhu Buda Konghucu |
Papréntahan | Républik konstitusional présidhènsial manunggal |
• Présidhèn | Joko Widodo |
• Wakil Présidhèn | KH. Ma'ruf Amin |
Paukumkaryan | Majelis Permusyawaratan Rakyat |
• Ucagreha | Dewan Perwakilan Daerah |
• Nicagreha | Dewan Perwakilan Rakyat |
Adeg | |
20 Maret 1602 | |
1 Januari 1800 | |
• Kajègan Jepang | 9 Maret 1942 |
• Bayawara mardika | 17 Agustus 1945 |
• Républik Indhonésia Sarékat | 27 Dhésèmber 1949 |
• RIS dibubaraké | 17 Agustus 1950 |
• Ordhe Anyar | 12 Maret 1967 |
• Réformasi | 21 Mèi 1998 |
Pijembar | |
• Dharat | 1,904,569[4] km2 (735,358 sq mi) (angka 14) |
• Banyu (%) | 4,85 |
Population | |
• Pikira-kira 2015 | 255.461.700[5] |
• Cacahjiwa 2010 | 237.424.363[6] (angka 4) |
• Ketebdunung | 12,466/km2 (32,286.8/sq mi) (angka 84) |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2016 |
• Gunggung | $3,010 triliun[6] (angka 8) |
• Saben wong | $11.633[6] (angka 102) |
GKK (angka) | Pikira-kira 2016 |
• Gunggung | $936,955 miliar[6] (angka 16) |
• Saben wong | $3.620[6] (angka 117) |
Gini (2010) | 35.6[7] tengah |
IPM (2018) | 0.707[8] dhuwur · angka 110 |
Artacihna | Rupiah (Rp) (IDR) |
Laladan wektu | UTC+7 tekan +9 (warna-warna) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+7 tekan +9 (warna-warna) |
Rupa titimangsa | DD/WW/TTTT |
Nyetir ing | kiwa |
Kodhé bèl | +62 |
TLD internèt | .id |
Situs wèb indonesia.go.id | |
Wangun papréntahan republik Indhonésia kalebu législatur lan Présidhèn kapilih. Indhonésia duwé 34 provinsi, kang lima duwé status administratif mirunggan. Kutha krajan lan paling akèh kang ndunungi yakuwi Jakarta. Nagara duwé tapel wates karo Papua Nugini, Timor Wétan, lan Malaysia sisih wétan. Nagara tanggané kalebu Singapura, Filipina, Australia, Palau, lan tlatah India Kapuloan Andaman lan Nicobar. Indhonésia iku sawijining anggota pangadeg ASEAN lan anggota saka ékonomi utama G-20. Ékonomi Indhonésia iku peringkat 16 PDB nominal donya lan gedhé dhéwé angka 8 PDB ing PPP.
Kapuloan Indhonésia wis tlatah wigati ing padagangan wiwit ing paling ing abad kaping 7, nalika Sriwijaya lan banjur mengko Majapahit dagang karo Tiongkok lan India. Panguwasa lokal nggunakaké modhèl budaya, agama lan pulitik manca saka awal abad Masèhi, lan karajan Hindhu lan Buda ngrembaka. Sajarah Indhonésia wis diprabawai déning kakuwasan manca kepincut karo sumber daya alam Indhonésia. Pedagang Muslim lan sarjana Sufi nggawa Islam kang saiki dominan,[12][13] sawatara kakuwasan Éropa nggawa Kristen lan perang siji liyané kanggo monopoli dagang ing Kapuloan Maluku ing Jaman Penjelajahan. Sawisé telung lan setengah abad kolonialisme Walanda wiwit Amboina lan Batavia, lan pungkasanipun kabèh kapuloan kalebu Timor lan Papua Kulon, ing kaping diselani déning kakuwasan Portugis, Prancis lan Inggris, Indhonésia mardika sawisé Perang Donya II. Sajarah Indhonésia kang wis wiwit ora tenang, karo tantangan bencana alam, raja pati massa, korupsi, separatisme, prosès démokratisasi, lan pèriode saka owah-owahan ékonomi kanthi rikat.
Indhonésia dumadi saka atusan golongan ètnis lan linguistik asli. Golongan ètnis gedhé dhéwé – lan dominan ing pulitik – yaiku Jawa. Idèntitas nasional wis dikembangaké, dikukuhaké déning basa nasional, karagaman etnik, pluralisme agama ing populasi mayoritas Muslim, lan sajarah kolonial lan kraman marang iku. Sesanti nasional Indhonésia, "Bhinneka Tunggal Ika" ("séjé-séjé nanging ajeg manunggal"), nuduhaké karagaman kang nagara. Sanajan populasi gedhé lan tlatah padhet kang ndunungi, Indhonésia duwé tlatah jembar ara-ara samun kang njurung karagaman hayati tingkat paling dhuwur kaping pindho ing donya. Indhonésia duwé sumber daya alam kalubèran kaya lenga lan gas bumi, timah, tembaga lan emas. Pertanian mligi mrodhuksi beras, tèh, kopi, bumbon crakèn lan karèt. Partner dagang utama Indhonésia yaiku Jepang, Amérika Sarékat lan nagara tangga Singapura, Malaysia lan Australia.