Gas bumi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gas bumi sok uga karan gas alam utawa gas rawa, iku bahan bakar fosil awujud gas kang mligi dumadi saka metana CH4). Gas iki bisa tinemu ing lapangan lenga, lapangan gas bumi lan uga tambang batu bara. Nalika gas kang sugih metana diprodhuksi liwat pambusukan déning bakteri anaerobik saka bahan-bahan organik saliyané saka fosil, mula banjur diarani biogas. Sumber biogas bisa tinemu ing rawa-rawa, papan pambuangan pungkasan runtah, sarta panampungan kotoran manungsa lan kéwan.