![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/b/bb/Sutradara_Film.jpg/640px-Sutradara_Film.jpg&w=640&q=50)
Sutradhara
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sutradara (basa Inggris: director) iku wong kang gawéyané ngarahaké juru main filem ing sajeroning prosès gawè filem kang trep karo Manuskrip.[1] (Tukang gawé filem uga dinggo ngrujuk prodhuser filem).[1] Manuskrip utawa skenario iku dianggo ngontrol aspèk-aspèk seni lan drama.[1] Minangka dirèktur ngawasi pegawé utawa pekerja teknik lan juru main kanggo nyukupi wawasan pengarahané.[1] Sutradara uga duwé tugas mbimbing kru tèknisi lan para juru main filem kanggo ngrealisasiké kreativitas kang diduwèni.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/b/bb/Sutradara_Film.jpg/320px-Sutradara_Film.jpg)