![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/24/Oceanic_Whitetip_Shark.png/640px-Oceanic_Whitetip_Shark.png&w=640&q=50)
Hiyu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Iwak hiyu utawa uga diarani iwak cucut iku saklompok (superordo Selachimorpha) iwak mawa krangka balung enom kang pepak [1] lan awak kang ramping. Hiyu ambegan kanthi migunakané limang bolongan angsang (sok-sok enem utawa pitu, gumantung spesiesé) ing sisih kiwa lan tengen ndhasé, utawa diwiwiti rada mburi endhas. Awakéhiyu dilapisi kulit dermal denticles kanggo ngreksa kulité saka karusakan, saka parasit, lan kanggo nambah dinamika banyu.[1] Hiyu duwé sapérangan larik untu kang bisa gumanti.
Hiyu Kalamangsa: Devonian awal – Saiki | |
---|---|
![]() | |
Hiyu samodra ujung putih, Carcharhinus longimanus | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Subfilum: | Vertebrata |
Klas: | Chondrichthyes |
Subklas: | Elasmobranchii |
Superordho: | Selachimorpha |
Ordo | |
Carcharhiniformes |
Hiu nyakup spésies kang gedhéné saukuran tlapak tangan hiyu pigmi, Euprotomicrus bispinatus, siji spésies saka laut jero kang dawané mung 22 cm, nganti hiyu paus, Rhincodon typus, iwak gedhé dhéwé, kang tambah gedhé nganti watara 12 mèter lan kang, kaya iwak paus, mung mangan plankton liwat piranti panyaring ing cangkemé. Hiyu banteng, Carcharhinus leucas, iku hiyu kang paling misuwur saka sapérangan spésies kang mbluru ing banyu laut uga ing banyu tawar (jinis iki tinemu ing Tlaga Nikaragua, ing Amérika Tengah) lan ing delta-delta.[2]
Iwak hiu iki iwak kang angèl bisa mbédakaké warna.[3] Asil panalitèn saka Australia, kanthi tèknik micro-spectrophotometry, ya iku kanthi fokus marang sèl rétina kang ana 17 jinisé iwak hiyu kang kasil kecekel ana sagara Queensland lan Australia Kulon.[3]
Jinising iwak hiyu kaya ta: bideye thresher, longfin mako, oceanic whitetip, porbeagle, common thresher, silky, smooth hammerhead, lan crocodile, hiu blue dan shortfin mako.[4]
Ing Indonésia ana kuthané kang duwé pralambang iwak hiyu ya iku kutha Surabaya.[5] Iwak hiyuné kanthi jeneng Sura lan kéwan baya kanthi jeneng baya ing basa Indonésiané Buaya.[5] Ing Ciamis, Jawa Kulon, Désa Karang Jaladri ana objèk wisata kang arané Watu Hiu.[6]