![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/fd/Tuna_Gills_in_Situ_01.jpg/640px-Tuna_Gills_in_Situ_01.jpg&w=640&q=50)
Angsang
From Wikipedia, the free encyclopedia
Angsang inggih punika piranti ambegan ulam (iwak) (Pisces).[1] Kajawi kanggé piranti ambegan, angsang ugi gadhah mupangat kanggé piranti ekskresi sarem, nyaring panganan, piranti ijol ion, kaliyan osmoregulator.[1] Sawetawis jinis ulam gadhah labirin ingkang saged miyaraken angsang manginggil kaliyan mbentuk lempitan-lempitan, saéngga gronggonganipun boten tumata.[1] Labirin punika kaginanipun nyimpen sèrepan oksigèn, saéngga ulam tahan ing kaanan ingkang kirang oksigèn.[1] Ulam ingkang balungipun sajati (Osteichthyes), angsangipun dijangkepi tutup angsang ingkang dipunwastani operkulum.[2] Déné ulam ingkang balungipun rawan (Chondrichthyes), angsangipun boten gadhah tutup angsang.[2]
Sunyata Rikat Pengenal, MeSH ...
Angsang | |
---|---|
![]() Angsang Iwak Tuna | |
Pengenal | |
MeSH | D005880 |
Terminologi anatomi [[[d:Masalah skrip: Fungsi "pageId" ora ana.|besut ing Wikidata]]] |
Tutup