Amérika Tengah iku kawasan ing Amérika Lèr pérangan kidul, nglingkupi wewengkon ing sisih kidul Lempongan Mèksiko nganti tapel wates antara Panama lan Kolombia. Miturut dhéfinisi kang umum, kawasan iki nyakup nagara-nagara ing antarané Mèksiko lan Kolombia:

Thumb
Peta Amérika Tengah

Miturut pangertèn géografis, Amérika Tengah uga bisa éwoning siji tanah genting gedhé, ya iku nyakup sawatara praja Mèksiko kang dumunung ing sisih wétan Tanah Genting Tehuantepec.

Géografi

Tlatah Amérika Tengah ambané 540.000 km² kang diapit déning Samodra Pasifik lan Sagara Karibia ing sisih kulon lan wétan.

Aktivitas géologi kaya bledhosan gunung lan lindhu ing kawasan iki relatif dhuwur. Ing taun 1931 lan 1972, kadadéan lindhu ngusak tlatah Managua, kutha krajan Nikaragua. Tanah subur tilas ilèn lava nyuburaké aktivitas tetanèn ing laladan pagunungan. Kawasan iki dumunung ing Lèmpèng Karibia.

Amérika Tengah minangka kawasan paling sempit ing Bawana Amérika, mligi ing Terusan Panama lan Terusan Nikaragua, siji terusan kang rencanané bakal digawé.

Sajarah

Artikel utama: Sajarah Amérika Tengah

Ana ing wiwitan abad ka-19, ana siji nagara kang jenengé Provinsi Amérika Tengah Nyawiji. Wewengkoné nyakup Guatemala, Honduras, El Salvador, Nikaragua, lan Costa Rica wektu iki.


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.