Sistem Posisi Global utawa Global Positioning System (GPS) iku salah sawijining sistem navigasi satelit sing duwé fungsi nemtokaké dunungé panggonan kanthi migunakaké 24 satelit sing ngirimaké sinyal gelombang mikro menyang Bumi. Sinyal iki ditampa déning piranti panampa ing lumahing bumi, lan dipigunakaké kanggo nemtokaké posisi, karikatan, arah, lan wektu. Sistem sing sarupa karo GPS antarané GLONASSRuslan, GalileoUni Éropah, IRNSSIndia.
Sistem iki dikembangaké déning Departemen PertahananAmérikah Sarékat, kanthi jeneng dawa NAVSTAR GPS (kasalahan umum dikira NAVSTAR iku cekakan, kamangka NAVSTAR iku jeneng sing diwènèhaké déning John Walsh, ya iku wong sing nemtokaké kawicaksanan wigati sajeroning program GPS).[1] Kumpulan satelit iki diurus déning 50th Space WingAngkatan UdaraAmérikah Sarékat. Béa parawatan sistem iki watara US$750 yuta saben taun,[2] kalebu kanggo ngganti satelit lawas, sarta riset lan pangembangan.
Militèr GPS dipigunakaké kanggo kaperluan perang, kaya déné nuntun arah bom, utawa meruhi posisi wadyabala. Kanthi cara iki kita bisa ngawruhi endi kanca endi mungsuh kanggo nyegah salah sasasran, utawa nemtokaké obahan wadyabala.
Navigasi GPS akèh dianggo minangka piranti navigasi kaya kompas. Sawetara jinis kendaraan wis dipirantèni nganggo GPS kanggo piranti bantu nivigasi, kanthi nambahaké péta, banjur bisa kanggo mandhu supir, saéngga supir bisa meruhi jalur endi sing kudu dipilih menyang papan sing dituju.
Sistem Informasi Géografi Kanggo kaperluan Sistem Informasi Géografi, GPS kerep uga dianggo nggawé péta, ya iku kanggo ngukur let tapel wates, utawa minangka referensi pangukuran.
Sistem pelacakan kendaraan Kagunan liya GPS ya iku minangka pelacak kendaraan, kanthi bantuan GPS sing duwé kendaraan/pengelola armada bisa meruhi ana ngendi waé kendaraané wektu iki.
Pamantau lindhu Malah dina iki, GPS kanthi katelitèn dhuwur bisa dipigunakaké kanggo mantau owahan lemah, sing ordené mung mm sajeroning setaun. Pamantauan owahan lemah migunani kanggo ngira-ira kadadéan lindhu, vulkanik utawa tektonik
Artikel utama: Sistem navigasi satelit
Sistem navigasi satelit liya sing lagi dikembangaké déning nagara liya ya iku:
Beidou — Sistem lokal ing RRC sing bakal dikembangaké dadi sistem internasional mawa jeneng COMPASS.
Parkinson, B.W. (1996), Global Positioning System: Theory and Applications, chap. 1: Introduction and Heritage of NAVSTAR, the Global Positioning System. pp. 3-28, American Institute of Aeronautics and Astronautics, Washington, D.C.