piranti kanggo nemtokaké pancering ener From Wikipedia, the free encyclopedia
Pandom utawa padhom (Inggris: compass) iku piranti navigasi kanggo nemtokaké arah, wujud siji panah penunjuk magnetis sing bébas nyelarasaké marang médhan magnit bumi kanthi akurat. Padhom mènèhi rujukan arah tinamtu, saéngga mbantu sajeroning babagan navigasi. Arah mata angin sing dituduhaké yaiku arah lor, kidul, wétan, lan kulon. Yèn dipigunakaké bebarengan karo jam lan sèkstan, padhom bakal luwih akurat sajeroning nuduhaké arah. Piranti iki mbantu perkembangan dedagangan maritim kanthi agawé lelungan adoh dadi luwih aman lan èfisièn dibandhingaké karo nalika manungsa isih nganggo pituduh lintang kanggo meruhi arah.
Ing ngisor iki arah mata angin sing bisa dituduhaké déning padhom.
Kompas dibédakan dadi rong jinis, yaiku kompas analog lan kompas digital.
Cithakan:Tèknologi-stub
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.