Républik Rakyat Cina

nagara ing Asia Wétan From Wikipedia, the free encyclopedia

Républik Rakyat Cinamap

Républik Rakyat Cina uga kerep dicekak dadi RRC utawa Cina Dharatan waé iku nagara ing Asia Wétan kang resminé isih nagara kuminis. Nagara iki kang ndunungi kang akèh dhéwé sadonya. Cacahé gunggungé kurang luwih ana 1.321.851.888 jiwa. Yèn miturut ambané wewengkon, nagara iki nagara kaping papat sadonya mawa jembaré ana 9.598.086 km2 (jembar iki tanpa Taywan lan sawatara tlatah pasulayan liyané). Kuthagara (Ind: ibukota) RRC iku Peycing (pinyin: Beijing), nanging kutha kang gedhé dhéwé iku Syanghay. Saliyané Cina Dharatan dhéwé, nagara iki uga ndarbèni kadaulatan sadhuwuring apa kang diarani "Tlatah Administratif Mligi" Hong Kong lan Makaw. Banjur wewengkon Tibet uga dikuwasani minangka de facto sanadyan ora diakoni sawatara pihak. Saliyané manèh Républik Cina utawa Taywan kang dianggep sawijining propinsi kang mbaléla uga didaku nanging ora dikuwasani minangka de facto.

中华人民共和国
Zhōnghuá Rénmín Gònghéguó
Thumb

Thumb

Sesanti: Ora ana
Thumb
Basa resmiMandarin, Kanton, Inggris, Portugis
Kutha krajanBeijing (台北)
Kutha gedhé dhéwéShanghai (上海)
Padunung1,3 milyar jiwa
Jembar9.598.086 km2
PrésidhènXi Jinping (习近平)
MahamantriLi Qiang
ValutaRenminbi
(人民币)
Zona wektuUTC +8
Lagu kabangsan义勇军进行曲 Yìyǒngjūn Jìnxíngqǔ ("Barisan Para Sukarélawan")
TLD.cn
Kodhe nagara+86

Nagarabasa ing RRC iku basa Mandharin. Nanging ing sawatara tlatah uga ana basa laladan liyané kang dumadi basa resmi, yaiku basa Kwangtung ing Hong Kong lan Makaw saha basa Inggris ing Hong Kong lan basa Portugis ing Makaw.

Uga delengen

Pranala jaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.