Gethuk
panganan saka tela / From Wikipedia, the free encyclopedia
Gethuk iku panganan nyamikan (kudhapan) kang mligi digawé saka ketéla pohung (singkong). Gethuk iku panganan kang gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan.
Sunyata Rikat Panggonan asal, Tlatah utawa praja ...
Gethuk Magelang | |
Panggonan asal | Indonésia |
---|---|
Tlatah utawa praja | Jawa |
Woworan pokok | ketéla pohung |
![]() ![]() |
Tutup
Gethuk ana kang digawé saka téla.[1] Rasané uga bisa warna-warna.[1] Ana kang rasa kèju, coklat, vanila, stroberi.[1] Sak liyané iki, ana uga gethuk lapis, tegesé gethuk kang rasané warna-warna lan didadèkaké siji.[1] Umpamané gethuk lapis rasa coklat, vanila lan strobèri.[1] Téla kang dipilih kuduné téla kang mempur lan ora njarot, ora ketuwan lan ora bongkrèken.[1]
Gethuk racaké disajèkaké kanggo cemilan karo ngombé tèh. Salah sijining variasi gethuk iku carané karo digorèng. Uga ana kang luwih seneng mangan gethuk kang dienggo pacitan manawa lagi ana tamu.