From Wikipedia, the free encyclopedia
Fragaria (pocapan jroning basa Inggris /frəˈɡeɪriə/)[2] iku sawijining génus tetuwuhan ngembang sajeroning kulawarga mawar, Rosaceae, kang ditepungi kanthi umum kanthi jeneng stroberi amarga wohé kang bisa dikonsumsi. Ana punjul 20 spésies stroberi lan akèh hibrida sarta kultivaré. Spesies kang paling umum ditandur kanggo didol yaiku saka asil panyilangan Fragaria × ananassa utawa ditepungi minangka strobèri kebon. Stroberi wujud woh komersil kang wigati banget, kang ditangkaraké ing manéka wilahan donya.
Stroberi | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Rosales |
Famili: | Rosaceae |
Subfamili: | Rosoideae |
Tribe: | Potentilleae |
Subtribe: | Fragariinae[1] |
Génus: | Fragaria L. |
Spesies | |
20+ spésies; pirsani tèks |
Woh stroberi wernané ijo rada putih nalika tuwuh, lan akèh-akèhé malih dadi abang nalika mateng. Jenengé asalé saka basa Inggris kuna streawberige kang wujud gabungan saka streaw utawa "straw" lan berige utawa "berry". Alesan pamènèhan jeneng iki isih ora cetha. Sapérangan spésies Lepidoptera njupuk sumber panganané saka tetuwuhan stroberi, mula spésies iki dadi ama utama tuwuhan stroberi.
Ana punjul 20 spésies Fragaria ing saindhenging donya. Kunci panglompokan spésies stroberi iki yaiku dhedhasar cacahing kromosomé. Ana pitung jinis kromosom utama kang ana ing kabèh spésies. Sapérangan spésies iku diploid yaiku duwé rong pasang saka pitung kromosom ndadèkaké gunggungé 14 kromosom. Sing liyané wujud tetraploid yaiku duwé patang pasang saka pitung kromosom ndadèkaké gunggungé 28 kromosom, hexaploid (6 pasang), oktoploid (8 pasang) utawa dekaploid (10 pasang).
Sapérangan spésies anyar wis ditepungaké kang wujud subspesies saka spésies-spésies ing dhuwur.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.