Gethuk gorèng
panganan mligi saka Banyumas, Jawa Tengah / From Wikipedia, the free encyclopedia
Gethuk gorèng punika salah satunggaling jajanan ingkang dipundamel saking bahan ketéla pohung lan dipunbumboni nganggé gendhis klapa. Gethuk gorèng misuwur saking tlatah Sokaraja, Banyumas.
ꦗꦮ |
![]() |
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
Panggonan asal | Indonésia |
---|---|
Tlatah utawa praja | Jawa |
Woworan pokok | ketéla pohung |
![]() ![]() |
Sejatosipun jinis dhaharan punika dipunpanggihi boten sengaja déning Pak Sanpirngad satunggiling panyadé sekul (ing warsa 1918) wonten tlatah Sokaraja. Rikala samanten gethuk ingkang dipunsadé boten pajeng, dados piyambakipun pados akal supados taksih saged dipunkonsumsi. Lajeng gethuk ingkang boten telas dipunsadé dipungorèng kaliyan dipunsadé malih.
Jabulipun dharan modhèl énggal punika dipunremeni para tiyang ingkang tumbas.
Kala samanten gethuk gorèng saged dipunpanggihi sairinging margi ing Sokaraja. Gethuk ingkang dipungorèng ugi sanès gethuk ingkang boten pajeng malih, nanging pancèn sengaja dipundamel kanggé dipungorèng. Raosipun gethuk gorèng Sokaraja punika manis saha gurih.