From Wikipedia, the free encyclopedia
Cetus (/[unsupported input]ˈsiːtəs/) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ing belahan langit. Nama rasi lintang Cetus punika asalipun saking mitos Cetus, inggih punika satunggaling monster laut ing mitos Yunani, lan rasi lintang punika ugi asring dipunsebat dados iwak paus sapunika. Cetus inggih mapan wonten ing laladan langit ingkang ngewrat rasi lintang sanèsipun ingkang gadhah gegayutan kaliyan toya kados ta rasi lintang Aquarius, Pisces, lan rasi lintang Eridanus.
CETUS | |
---|---|
Cekakan | Cet |
Genitif | Ceti |
Asensio rekta | 1.42 |
Deklinasi | −11.35 |
Area | 1231 derajad pesagi (#4th) |
Lintang utama | 15 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 88 |
Lintang mawa planèt | 22 |
Lintang padhang | 2 |
Lintang cedhak | 9 |
Lintang paling padhang | β Cet (Deneb Kaitos)† (2.04m) |
Lintang paling cedhak | Luyten 726-8 ( tc) |
Obyèk Messier | 1 |
Udan météor | October Cetids Eta Cetids Omicron Cetids |
Rasi lintang sing wewatesan | Aries Pisces Aquarius Sculptor Fornax Eridanus Taurus |
Katon antara lintang +70° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi November. Note: †Mira (ο Cet) is magnitude 2.0 at its brightest. | |
Rasi lintang Cetus gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 1231 drajat persegi lan ngewrat sangang lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +70° lan-90° lan ingkang saé piyambak dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Novèmber. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika inggih kados makaten:
Cetus ugi ngewrat sepasang objek langit pérangan lebet ingkang narik kawigatosanipun ingkang ningali. Messier 77 utawi NGC 1068 inggih gadhah magnitudo 9 ingkang minangka galaksi spiral ingkang dipunlarang, papanipun caket kaliyan delti Ceti, ingkang tebihipun 47 milyar taun cahya.[1] Recently, the galactic cluster JKCS 041 was confirmed to be the most distant cluster of galaxies yet discovered.[2] NGC 246 ugi dipunsbet ali-alinipun Cetus inggih minangka planit nebula ingkang gadhah magnitudo 8,0 kanthi tebihipun 1600 taun cahya saking bumi. NGC 246 ugi gadhah cekaka "Pac man Nebula".[3] Galaksi kluster JKSC 041 inggih satunggaling grup galaksi ingkang tebih ingkang sampun naté kapanggih, kirang langkung tebihipun 10,2 trilyun taun cahya.
Cetus inggih taksih kalebet satunggaling kulawarga rasi lintang Perseus, sesarengan kaliyan rasi lintangCassiopeia, Cepheus, Andromeda, Perseus, Pegasus, Auriga, Lacerta lan Triangulum. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang wonten ing sak kiteripun rasi lintang Cetus inggih punika Aries, Aquarius, Pisces, Sculptor, Fornax, Eridanus lan Taurus.[4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.