From Wikipedia, the free encyclopedia
Centaurus (/[unsupported input]sɛnˈtɔːrəs/) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang padhang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih kidul.[1] Centaurus inggih kalebt salah satunggaling rasi lintang ingkang paling amba ingkang ugi melebet wonten ing kmpalan 48 rasi lintang ingkang dipundhaptar déning astronom saking Walanda, inggih punika Ptolemy ing abad kaping kalih, lan salajengipun mlebet salah satunggal saking 88 rasi lintang modhern. Ing mitos Yunani, Centaurus nggambaraken satunggaling centaur, wujud satunggaling tiyang jaler kanthi namung sepalih badanipun inggih wujud badan manungsa lan sepalih badan malih wujud jaran. Rasi lintang sanèsipun ingkang dipunparingi nama sasampunipun centaur inggih punika salah satunggaling zodiak, inggih punika rasi lintang Sagittarius.
CENTAURUS | |
---|---|
Cekakan | Cen |
Genitif | Centauri |
Asensio rekta | 13 |
Deklinasi | −50 |
Area | 1060 derajad pesagi (#9th) |
Lintang utama | 11 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 69 |
Lintang mawa planèt | 14 |
Lintang padhang | 10 |
Lintang cedhak | 8 |
Lintang paling padhang | α Cen (−0.27m) |
Lintang paling cedhak | Proxima Centauri (α Cen C) ( tc) |
Obyèk Messier | 0 |
Udan météor | Alpha Centaurids Omicron Centaurids Theta Centaurids |
Rasi lintang sing wewatesan | Antlia Carina Circinus Crux Hydra Libra (corner) Lupus Musca Vela |
Katon antara lintang +25° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi May. ' | |
Rasi lintang Centaurus gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 1060 drajat persegi lan ngewrat wolung lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit - planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang ing antawispun +25° lan -90° saha badhé katingal ingkang saé piyambak manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Mèi. Rasi lintang punika gadhah 281 lintang kanthi magnitudo 6,5, ingkang punika mratandhakaken bilih lintang - lintang punika saged dipuntingali kanthi mripat langsung. Déné lintang - lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika inggih kados makaten:
Wonten ing ngèlmu astronomi Cina, lintang - lintang Centaurus inggih kapanggih wonten ing tigang laladan, inggih punika: the Azure Dragon of the East (東方青龍, Dōng Fāng Qīng Lóng), the Vermillion Bird of the South (南方朱雀, Nán Fāng Zhū Què), and the Southern Asterisms (近南極星區, Jìnnánjíxīngōu). Nanging boten sadaya lintang ing Centaurus saged dipuntingali saking Cina, lan lintang ingkang boten katingal punika kalebet klasifikasi Asterisme kidul déning Xu Guangqi, dhedhasar asiling panaliten ing lintang kulon, inggih punika α Cen, θ Cen, ε Cen lan η Cen, saged dipuntingali ing langit Cina. Sapérangan tiyang Polynesia sanget mangertosi kanthi saé lintang - lintang ing Centaurus. Wontn ing Pukapuka, Centaurus gadhah kalih nama, inggih punika Na Mata-o-te-tokolua lan Na Lua-mata-o-Wua-ma-Velo. Wonten ing Tonga, rasi lintang punika dipunsebat kanthi sekawan nama ingkang béda inggih punika: O-nga-tangata, Tautanga-ufi, Mamangi-Halahu, lan Mau-kuo-mau. Alpha lan Beta Centauri inggih boten minangka nama salah satunggaling tiyang ing Pukapuka lan Tonga, nanging punika nama tiyang saking Hawaii lan Tuamotus. Wonten ing Hawaii, Alpha Centauri dipunsebat Melemele utawi Ka Maile-hope lan nama kanggé Beta Centauri inggih punika Polapola utawi Ka Maile-mua. Wonten ing Pulo Tumotu, Alpha dipunsebat Na Kuhi lan Beta dipunsebat Tere.[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.