Bolu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bolu utawa kuwé bolu (basa Inggris: cake) yaiku kuwé kang bahan dasarè glepung (umumè glepung terigu), gula, lan ndog[1]. Kuwè bolu lan cake umumè dimatangakè kanthi cara dipanggang ing oven, sanajan uga ana bolu kang dikukus, contoné bolu kukus utawa brownies kukus[1]. Cake kang direngga karo lapisan (icing) saka krim mentega (buttercream), fondant, utawa marzipan iku jenengè kuwe tart (kuwe tarcis)[1]. Cake kang dihias(kuwé tart) utawa ora ana rerenggan digunakakè kanggo makanan penutup utawa suguhan istimewa resepsi nikahan utawa pista ulang taun[2]. Ana ing resepsi nikahan ala Barat lan pista ulang taun, upacara pengirisan kuwe tart didadekakè salah sawijining acara[2]. Ing Indonesia, nasi tumpeng asring nggantekakè peranè cake dadi pakanan istimewa ana ing upacara-upacara pengetan[2]. Cake kang ukuranè gedhè, bentukè segi papat utawa bunder banjur diiris-iris nalika arep didol utawa disajekakè karan kuwé bolu utawa bolu gulung[3]. Maneka warna puding uga nggunakaké bahan dhasar irisan bolu kang didokokakè ing dhasar loyang sakdurungnè disiram karo agar-agar[4].
Bolu ambal warsa | |
Panggonan asal | Inggris |
---|---|
Woworan pokok | Glepung |
![]() ![]() |
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/35/Chocolate_brownies.jpg/640px-Chocolate_brownies.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/1c/Mango_pudding_by_Mori_Chan.jpg/640px-Mango_pudding_by_Mori_Chan.jpg)