Basa Jawa Mataraman
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Jawa Mataraman | ||
---|---|---|
ꦧꦱꦗꦮꦩꦠꦫꦩ꧀ꦩꦤ꧀ | ||
Dituturaké ing | Madhiun, Ngawi, Magetan, Nganjuk, Kadhiri, Panaraga, Pacitan, Trenggalèk, Tulungagung, Blitar | |
Wilayah | ![]() | |
Gunggung panutur | 9,4 yuta | |
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2
| |
Sistem tulisan | * Aksara Latin | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | – | |
ISO 639-3 | – |
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Basa Jawa Mataraman utawa basa Mataraman Jaba yaiku carabasa Jawa sing digunakaké ing tilas Karésidhènan Madiyun lan Kadhiri, ing Kutha lan Kabupatèn Madiyun, Ngawi, Magetan, Panaraga, Pacitan, Nganjuk, Kutha lan Kabupatèn Kadhiri, Trenggalèk, Tulungagung, Kutha lan Kabupatèn Blitar, lan sabagéyan Jombang—kabèh ing wilayah Propinsi Jawa Wétan, sing bisa diarani "Mataraman".[1] Sing paling katon saka carabasa Jawa iki yaiku nggunakaké basa sing isih katon alus sanadyan ora saalus kaya babrayan Mataraman Jero ing Ngayogyakarta lan Surakarta.[2]
Ciri utama carabasa Mataraman yaiku ana bédané playu laras (Ind: intonasi) karo playu laras Basa Jawa baku sing asring mènèhi pamênêt ing wanda kapisan, kaya ta "Byuh-byuh, uayuné cah iki."[3]