Kabupatèn Jombang
kabupatèn ing Jawa Wétan, Indonésia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kabupatèn Jombang (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦗꦺꦴꦩ꧀ꦧꦁ, Pegon: كَبُڤَتَينْ جَومْبَڠْ), iku kabupatèn ing Provinsi Jawa Wétan. Kutha krajané Jombang. Jembar wewengkon kabupatèn iki 1.150 km². Jombang iku ana ing tengah-tengah wewengkoné Provinsi Jawa Wétan, kira-kira 80 km saka Surabaya.
Jombang كَبُڤَتَينْ جَومْبَڠْ ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦗꦺꦴꦩ꧀ꦧꦁ | ||
---|---|---|
Kabupatèn | ||
| ||
Sesanti: Jombang Beriman (Bersih, Indah, dan Nyaman) | ||
![]() Pernahé Jombang ing Jawa Wétan | ||
Nagara | Indonésia | |
Provinsi | Jawa Wétan | |
Dina Dadi | 1910 (asli) 1950 (ukum) | |
Kutha krajan | Jombang | |
Pamaréntahan | ||
• Bupati | Dr. Ec. H. Nyono Suharli Wihandoko | |
• Wakil Bupati | Hj. Mundjidah Wahab, B.A. | |
Laladan | ||
• Gunggung | 1,159,50 km2 (0,44.769 sq mi) | |
Cacah warga (Sènsus 2015) | ||
• Gunggung | 1,240,985 | |
• Pepadhet | 1,1/km2 (2,8/sq mi) | |
Bebrayan | ||
• Wong | Jawa, Madura, Arab, Cina dll. | |
• Basa | Jawa, Madura lan Indonesia | |
• Kepercayan | Islam 97.35% Kristen Protestan 1.63% Katulik0.53% Hindu 0.33% Buddha 0.09% Konghucu 0.07% | |
Zona wektu | WIK (UTC+7) | |
Kodhe pos | 61400 | |
Kodhe laladan | (+62) 321 | |
Plat montor | S | |
Situs wèb | www.jombangkab.go.id (ing basa Indonésia) |
Kahanan topografi Kutha Jombang sapèrangan ageng nuduhaken wilayah papan kang datar, wondene wates administrasi inggih punika:
Sisih Lor : Desa Banjar Dowo lan Kecamatan Tembèlèng
Sisih Kidul : Kecamatan Diwęk lan Jogoroto (menawi samenika wonteng ing Ngayugyakarta, Kecamatan punika dipun wastani Kapanewon)
Sisih Kulon : Kecamatan Perak
Sisih Wetan : Kecamatan Peterongan[1]
Jombang misuwur diarani Kutha Santri, amarga akèh pondhok pasantrèn ana ing kutha iki.
Akèh wong misuwur Indonésia asalé saka Jombang, antarané manten Présidhèn Indonésia K.H. Abdurrahman Wahid (Gus Dur), pahlawan nasional K.H. Hasyim Asy'ari lan KH Wahid Hasyim, Nurcholis Madjid (Cak Nur), Emha Ainun Najib (Cak Nun), Kapolri Timur Pradopo, Mantri Perindustrian M.S. Hidayat, karo Muhaimin Iskandar.