kabupatèn ing Jawa Wétan, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Kabupatèn Trenggalèk (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦠꦽꦁꦒꦭꦺꦏ꧀, Pegonكابوڤاتين ترٓڠڮاليك) iku kabupatèn ing Jawa Wétan, Trenggalèk iku kabupatèné kang duwé wilayah pegunungan kang dominan lan bukit-bukit ing wilayah pesisir kidul Pulo Jawa, jèjèr langsung karo Samodra Hindia. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.261,40 km² utawa hèktar.
Aksara Latin |
Trenggalèk كابوڤاتين ترٓڠڮاليك ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦠꦽꦁꦒꦭꦺꦏ꧀ | ||
---|---|---|
Kabupatèn | ||
| ||
Pernahé Trenggalèk ing Jawa Wétan | ||
Nagara | Indonésia | |
Provinsi | Jawa Wétan | |
Kutha krajan | Trenggalèk | |
Pamaréntahan | ||
• Bupati | Dr. Emil Elestianto Dardak, M.Sc. | |
• Wakil Bupati | Mochamad Nur Arifin | |
Laladan | ||
• Gunggung | 1,261,40 km2 (487,03 sq mi) | |
Cacah warga (Sènsus 2009) | ||
• Gunggung | 796,966 | |
• Pepadhet | 630/km2 (1,600/sq mi) | |
Bebrayan | ||
• Wong | Jawa lan liya-liya | |
• Basa | Jawa lan Indonesia | |
• Kepercayan | Islam, Kristen Protestan, Katulik, Buddha, Hindu, Kong Hu Cu | |
Zona wektu | WIK (UTC+7) | |
Kodhe laladan | (+62) 355 | |
Plat montor | AG | |
Situs wèb | www (ing basa Indonésia) |
Wong Trenggalèk biyasa nyebut istilah iku disingkat dadi Nggalèk. Kang ndunungi, kang pomah, lan kang lunga njaban tlatah ingaran Wong Nggalèk lan Cah Nggalèk.
Wong Nggalèk lan Cah Nggalèk nduwé kebiyasaan ngowah-owahi jeneng kang ngganggo "di" dipocap "dèk" utawa "i" dadi "èk". Kang Paidi diceluk Paidèk. Kang Sukidi diceluk Sukidèk. Mas Jadi diceluk Jadèk. Ora mung jeneng nanging uga istilah. "Lagi" turu dipocap "lagèk" turu.
Ora mung kang nganggo "i", isih ana manèh kang dipocap "èk". Contone "tuwa" dadi "tuwèk".
Dunungé Kabupatèn Trenggalèk ing antarané koordinat 111°24-112°11' bujur wétan lan 7°53' – 8°34' lintang kidul. Kaanan rong pertelu wilayah kasebut pagunungan kanthi dhuwur 0-690 dpl ing sadhuwuré sagara. [1]
Kabupatèn Trenggalèk katata sajeroning 14 kacamatan, 5 kalurahan lan 152 désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki yaiku:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.