![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a9/ManilZapot_070624_188_ckup.jpg/640px-ManilZapot_070624_188_ckup.jpg&w=640&q=50)
Sawo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sawo (Manilkara zapota) kuwe wit woh-wohan ijo langgeng sing umuré dawa.Sawo uga teyeng diarani neesbery utawa sapodilas[1]. Wit sawo akeh ditandur nang Negara India, Sri Lanka, Filipina, Meksiko, Venezuela, Guatemala, lan Amérika Tengah. Nang Indonésia, umumé sawo didadékna tanduran pekarangan sing teyeng didhahar wohé, utamané nang dhaérah Sumatera Barat, Jakarta, Jawa Barat, Jawa Tengah,Jawa Timur, lan Nusa Tenggara Barat[2]. Wiji sawo bentuké ireng utawa soklat semu ireng, gepeng tur gedhé. Jaman gemiyen wiji sawo teyeng kanggo dolanan dakon. [2] Wiji sawo ngandhut saponin, kuersetin, lenga 23 persen. [2]100 gram sawo ngandhut energi 120 kkal, magnesium 12 mg, selenium 0,6 mg, protein 0,5 gram, kalsium 25 mg, fosfor 12 mg, besi 1 mg, retinol 18 mg lan asam askrobat 21 mg. [3][2]
?Sawo | ||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
![]() Sawo | ||||||||||||||
Klasifikasi ilmiah | ||||||||||||||
| ||||||||||||||
Jeneng binomial | ||||||||||||||
Manilkara zapota (L.) P. Royen | ||||||||||||||
Sinonim | ||||||||||||||
Achras zapota L., 1753 (jeneng invalid) |
Jenengé nang manéka basa antara liya sauh utawa sauh manila, utawa ciku (Mly.), chico (Filipina), chikoo utawa sapota (India), sofeda (Bangladesh), xa pô chê utawa hồng xiêm (Vietnam), rata-mi (Sri Lanka), lamoot (ละมุด) nang Thailand, Laos lan Kamboja, níspero (Venezuela), sugardilly (Kep. Bahama), naseberry (Hindia Kulon), sapote (Nicaragua), sapoti (Brazil), sapotillier (basa Perancis) lan sapodilla (basa Inggris).