![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/05/Sumatra_Baratku.png/640px-Sumatra_Baratku.png&w=640&q=50)
Sumatra Kulon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sumatera Barat kuwe salah siji propinsi nang Indonesia sing manggone nang pesisir kulon pulau Sumatera sing ibu kotane Kota Padang. Sumatera Barat nduweni bates Samudra Hindia nang sisi kulon, propinsi Jambi lan propinsi Bengkulu nang sisi kidul, propinsi Riau nang sisi wetan, lan propinsi Sumatera Utara nang sisi lor. Berdasarkan data sekang Badan Pusat Statistik, Sumatera Barat kuwe salah siji sekang sewelas propinsi nang Indonesia sing paling sering ditekani wisatawan.[3]
Sumatra Kulon | |||
---|---|---|---|
— Propinsi — | |||
![]() |
|||
|
|||
Motto: Tuah Sakato |
|||
![]() |
|||
Negara | ![]() |
||
Ibu kota | Padang | ||
Koordinat | 3º 50' LS - 1º 20' LU 98º 10' - 102º 10' BT |
||
Luas | |||
• Total | 42.297,30 km2 (16,331,08 sq mi) | ||
Populasi (2010)[1] | |||
• Total | 4.845.998 | ||
• Kepadatan | Bad rounding here110/km2 (Bad rounding here300/sq mi) | ||
Demografi | |||
- Suku bangsa | Minangkabau (88,35%), Batak (4,42%), Jawa (4,15%), Mentawai (1,28%), Lain-lain (1,8%) [2] | ||
- Agama | Islam (98%), Kristen (1,6%), Buddha (0,26%), Hindu (0,01%) | ||
Zona waktu | WIB | ||
Kabupaten | 12 | ||
Kota | 7 | ||
Kecamatan | 147 | ||
Desa/kelurahan | 877 | ||
Lagu daerah | Ayam Den Lapeh, Kampuang Nan Jauah nang Mato, Kambanglah Bungo, Minangkabau, Bareh Solok, Tinggalah Kampuang. | ||
Situs web | www.sumbarprov.go.id |
Propinsi sing wewengkone 42.297,30 km2 kiye duwe 12 kabupaten lan 7 kota lan jumlah pedhununge lewih sekang 4.800.000 jiwa[1], serta nduwe 391 pulau sing 191 nang antarane urung duwe jeneng. Pembagian wilayah admikistratif seuwise kecamatan nang kabeh kabupaten (kecuali kabupaten Kepulauan Mentawai) yakuwe nagari—sedurung dibusek banjur diganti nganggo sistem pemerentahan desa taun 1979, lan wiwit diberlakukan maning taun 2001.
Sumatera Barat sing sekiye kuwe bagiyan sekang wilayah adat lan kebudayaan Minangkabau, mulane kuwe propinsi kiye identik karo kampung halaman wong Minangkabau[4] sing seringkali dipadhakna karo wong Padang. Seliyane Minangkabau, Sumatera Barat uga dipanggoni suku Mentawai nang kabupaten Kepulauan Mentawai, suku Nias (suku Nieh) nang Padang, lan suku-suku liyane sing umume manggon nang daerah-daerah transmigrasi.
Dong tanggal 30 September 2009, ana lindhu sing kekuatane 7,6 Skala Richter ngguncang pirang-pirang kabupaten lan kota nang Sumatera Barat sing marekna lewih sekang 6000 nyawa melasing, banjur tanggal 26 Oktober 2010 disusul maning nang lindhu lan tsunami nang kabupaten Kepulauan Mentawai.