From Wikipedia, the free encyclopedia
Pelem kuwe jeneng sajenis woh, mangkono uga jeneng wité.[1] Pelem klebu nang marga Mangifera, sing kapérang sekang 35-40 anggota, lan suku Anacardiaceae.[1] Jeneng èlmiyahé yakuwe Mangifera indica.[1]
?Pelem | ||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Woh pelem gedhong, sekang Sumedang, Jawa Kulon | ||||||||||||||
Klasifikasi ilmiah | ||||||||||||||
| ||||||||||||||
Jeneng binomial | ||||||||||||||
Mangifera indica L. | ||||||||||||||
Genus Mangifera duwé 62 ''spesies'', ningen sing ngasilna woh sing énak mung 16 species.[1] Pelem sing dipangan awaké dhéwék saben dina, kayata pelem golèk klebu species Mangifera indica L.[1]
Wit pelem klebu tetanduran tingkat dhuwur sing struktur watangé klebu klompok ''arboreus'', yakuwe tetanduran kayu sing dhuwuré watang luwih sekang 5 m.[1] Dhuwuré wit pelem teyeng gutul 10-40 m lan umuré teyeng tekan 10 taun utawa luwih.[1] Pelem sing isih nom biayasané disenengi wong meteng.[2]
Pelem kuwe kalebu tanduran woh taunan kang asalé sekang nagara India.[3] Tanduran pelem banjur nyebar nang tlatah Asia Tenggara, kalebu Malaysia lan Indonésia.[3]
Klasifikasi botani pelem yaiku:[3] Divisi : Spermatophyta Sub divisi : Angiospermae Kelas : Dicotyledonae Keluarga : Anarcadiaceae Genus : Mangifera Spesies : Mangifera spp. Jinis pelem kang nah ditandur nang Indonésia yakuwe ''Mangifera indica L''.[3] Contoné pelem arumanis, golék, gedhong, manalagi lan cengkir lan ''Mangifera foetida'' kayata kemang lan kweni.[3]
Pusat tanduran pelem nang Pulo Jawa yakuwe nang Probolinggo, Indramayu, Cirebon.[3] Tanduran pelem cocog urip nang dhaérah kanthi musim kering kurang luwih 3 sasi.[3] Musim kering kiye dibutuhna sadurungé lan yen wayah ngembang.[3] Yèn ditandur nang dhaérah kang lembab, tanduran pelem bakal kena serangan ama lan penyakit.[3] Saliyané kuwe bisa rontok kembang lan wohé yèn ngembangé wayah udan utawa mangsa rendheng.[3]
Pelem kang mateng bisa langsung dipangan dadi buah, rasané kang legi lan seger, dagingé kang empuk gawé wong akeh kang seneng pelem.[2] Pelem kang isih nom bisa diawetna kanthi kadar gula kang nah dadi manisan basah lan kering.[2] Pelem kang durung mateng diarani kepoh, bajangan.[2]
Pelem nduwéni akeh variétas.[4] Kurang luwih ana 2.000 jinis pelem nang donya.[4] Saliayané rasané kang legi lan seger, pelem uga nduwéni khasiat kang migunani kanggo kaséhatan.[4] Woh pelem nduwéni zat-zat kang dibutuhna awak.[4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.